fbpx

IkadiDIY.com

Materi Khutbah Jumat 13 Agustus 2021 Versi Bahasa Jawa, Edisi 266, Ikadi DIY: OPTIMISME ING TENGAHING PANDEMI

OPTIMISME ING TENGAHING PANDEMI

Dening: Dr. K.H. Tulus Musthofa, Lc., MA.
(Ketua Dewan Syura Pimpinan Pusat Ikadi)

Nyalin Basa: Ust. Munawar S.Ag
(Ketua PD Ikadi Gunung Kidul, DIY)

 

Download PDF Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:

Download MS Word Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:

 

 

الْحَمْدُ لِلَّه، تَفَرَّدَ عِزًّا وَكَمَالاً، وَاخْتَصَّ بَهَاءً وَجَمَالاً وَجَلَالاً، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَأَشْكُرُه، تَقَدَّسَ وَتَنَزَّهَ وَتَبَارَكَ وَتَعَالَى، وَأَسْأَلُهُ جَلَّ فِيْ عُلاَهُ صَلاَحَ الشَّأْنِ كُلَّهُ حَالاً وَمَآلاً.

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَه، أَمَرَنَا بِعِبَادَتِهِ وَطَاعَتِهِ غُدُوًّا وَآصَالاً، وَحَذَّرَنَا مَغَبَّةَ التَّفْرِيْطِ لَهْوًا وَإِغْفَالاً، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُه، أَزْكَى الْوَرَى خِصَالاً، وَأَسْنَى الْبَرِيَّةِ خِلَالاً، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ بَلَغُوْا مِنَ السُّؤْدَدِ ذُرَاهُ، وَتَفَيَّؤُوْا مِنَ الْمَجْدِ ظِلاَلاً، وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن، وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.

أَمَّا بَعْد؛

فَيَا عِبَادَ الله، اتَّقُوا اللهَ حَقَّ التَّقْوَى، وَأَطِيْعُوْهُ فِي السِّرِّ وَالنَّجْوَى، قَالَ تَعَالَى:

((يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ)).

وَقَالَ أَيْضًا: ((قُلْ يَا عِبَادِيَ الَّذِينَ أَسْرَفُوا عَلَىٰ أَنْفُسِهِمْ لَا تَقْنَطُوا مِنْ رَحْمَةِ اللَّهِ ۚ

 إِنَّ اللَّهَ يَغْفِرُ الذُّنُوبَ جَمِيعًا ۚ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ)).

 

Jamaah Shalat Jumat rahimakumullah,

Mangga kita sedaya ngaturaken puji lan syukur wonten ngarsanipun Allah Swt. ingkang tansah maringi pinten-pinten kenikmatan dumateng kita sedaya. Menapa kemawon kawontenanipun, kita sedaya tetep nggadahi kewajiban muji syukur wonten ngarsanipun Allah Swt., sanajan dipun paringi musibah engkang awujud Covid-19. Pancen kanti wontenipun wabah menika, ndadosaken panggesangan kula panjenengan sami kirang prayogi kados padatanipun.  Ananging nikmat ingkang tansah Allah paringaken dumateng kita sedaya langkung kathah lan langkung ageng tinimbang ujian Covid-19 menika. Dawuhipun Allah Swt.,

 

وَإِنْ تَعُدُّوا نِعْمَةَ اللَّهِ لَا تُحْصُوهَا ۗ إِنَّ اللَّهَ لَغَفُورٌ رَحِيمٌ

“Lan menawa sira arep ngetung—ngetung kenikmatan peparinge Allah marang kawulane mesti sira ora bisa ngetung. Satemene yekti Allah iku Maha Pangapura lan Maha Asih.” (Q.s. Ibrahim: 35)

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Musibah pandemi Covid-19 ingkang sampun kalampahan setunggal setengah tahun menika nyebabaken dampak ingkang kathah wonten ing panggesangan, salah satunggalipun karaosaken wonten manah utawi psikologis.

 

Sampun kaserat wonten ing salah satunggaling penelitian bilih para warga masyarakat ngraosaken kawontenan ingkang awrat sanget. Wonten ing bab psikososial, 56% masyarakat rumaos was-was lan ajrih. Saking bab ekonomi 76,1% ngrosaken was-was lan sumelang. Wonten ini bab interaksi sosial (sesrawungan), 60,4% ugi rumaos was-was. Saking bab pengamalan agama 62,8% ngraosaken biasa mawon. Awit saking menika, kathah ingkang nggadahi pangarep-arep bilih pemerintah saget mbudidaya ngatasi kahanan pandemi menika.

 

Wontenipun was-was ing manah, danguning dangu ndadosaken imunitas badan saged risak. Sak lajengipun ndadosaken nglokro lan mutung. Menawi sampun mekaten, badan kita sedaya gampil nandang gerah lan virus gampil anggenipun mlebet wonten ing badan.

 

Piyantun menawi sampun nglokro lan mutung ing panggesanganipun rumaos sepen; menawi wonten urusan kalih tiyang sanes wontenipun namung panyangka bawa ingkang mboten sae. Piyantun menika wau badhe ngrisak badanipun piyambak lan mboten saged majeng ing panggesanganipun. Nggih nglokro lan mutung menika ingkang ndadosaken piyantun kala wau rumaos mboten dipun betahaken.

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Islam ngemutaken dumateng sedaya ummatipun supados nuwuhaken  pangarep-arep engkang ageng (optimis) wonten ing sak lebeting manah nalika gesang ing ndhonya menika. Sikap optimis utawi pangarep-arep engkang sae menika nun injih salah setunggaling cara mentas saking masalah lang musibah ingkang dipun raosaken. Rasulullah Saw. sampun paring tuladha mawi pangandikan lan solah bawanipun pripun piyantum mukmin menika kedah nggadhahi pangarep-arep ingkang sae wonten ing panggesangan.

 

Pangarep-arep ingkang sae nedahaken kandelipun iman wonten ngarsanipun Allah. Menapa kemawon kawontenanipun, piyantun mukmin rumaos dipun rencangi dening Allah. Kanthi menika, manahipun tansah ayem tentrem lan gadah optimisme.

 

Rasulullah SAW lan shahabatipun -Abu Bakar- saget dados tuladha ingkang sae ngengingi bab optimisme menika. Rikala Rasulullah SAW lan shahabat Abu Bakar tindak hijrah, kekalihipun ndhelik wonten ing gua Tsur. Kaum Quraisy sampun nyusul ngantos ngajeng gua. Menawi tiyang musyrik menika wau nyawang ing ngandap, Rasulullah Saw. lan shahabat Abu Bakar temtu mawon sampun ketingal. Wonten ing kahanan menika, kanti pengarep-arep ingkang sae wonten ngarsanipun Allah, Rasulullah Saw. ngendika,

 

لَا تَحْزَنْ إِنَّ اللَّهَ مَعَنَا

“Aja kuwatir Allah Swt. mesti ngrewangi kita.”
(Q.s. At-Taubah: 40).

 

Salah setunggalipun perkawis ingkang ndadosaken manah ayem tentrem lan ageng pangarep-arep dumateng Allah SWT injih menika kanthi paham Asma lan Sifatipun Allah Swt. Kita kedah gadhah keyakingan bilih Allah menika Maha Lembut, Welas Asih, jembar rahmatipun lan tansah paring pitulungan dumateng piyatun ingkang iman. Allah Ta’ala ugi kagungan sifat paring pangapura dumateng kawulanipun. Allah sampun paring dhawuh wonten Al-Quran.

 

وَهُوَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ

“Lan Allah iku luwih asih ngungkuli wong kang padha Asih.”
(Q.s. Yusuf: 64).

 

اللَّهُ لَطِيفٌ بِعِبَادِهِ

“Allah iku welas asih marang kawulane.”
(Q.s. Asy-Syura: 19).

وَرَحْمَتِي وَسِعَتْ كُلَّ شَيْءٍ

 

“Ewadene rahmat (sih) piwales ingsun iku jembar sumrambah marang kabeh perkara”
(Q.s. Al-A’raf: 156).

 

إِنَّ اللَّهَ يُدَافِعُ عَنِ الَّذِينَ آمَنُوا

“Saktemene Allah iku anjaga (pangrekadayane wong-wong musyrik)  saka wong-wong kang iman.”
(Q.s. Al-Hajj: 38).

 

غَافِرِ الذَّنْبِ وَقَابِلِ التَّوْبِ

“Kang kuwasa ngapura dosa lan narima tobat.”
(Q.s. Ghafir: 3).

 

Asma Allah (Asmaul Husna) ingkang sampun kasebat menika  ndadosaken piyantun mukmin tansah nggadhahi pangarep-arep ingkang sae nalika  wonten masalah napa kemawon.

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Allah SWT ngawisi kawulanipun ingkang iman saking sifat pesimis, amargi tiyang ingkang pesimis nganggep Allah mboten gadhah kuwasa. Menawi wonten kawula ing mangsa pandemi menika, artosipun kawula niku wau mboten yakin bilih Allah kuwaos paring sirna. Napa kemawon ingkang dumadi ing ndhonya menika awit saking ijin lan kuwaosipn Allh Swt.  Awit saking menika, Allah ngawisi mboten gadhah pangarep-arep dumateng  rahmatipun Allah.  Wonten Al-Qur’an sampun dipun serat dhawuh dumateng kita sedaya,

 

قُلْ يَا عِبَادِيَ الَّذِينَ أَسْرَفُوا عَلَىٰ أَنْفُسِهِمْ لَا تَقْنَطُوا مِنْ رَحْمَةِ اللَّهِ ۚ إِنَّ اللَّه يَغْفِرُ الذُّنُوبَ جَمِيعًا ۚ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ

“(Muhammad) dhawuha: para kawulaningsun kang wis padha kebangeten (nglakoni panggawe ala) sira ojo putus asa ora ngarep-arep rahmate Allah satemene Allah kuwasa ngapura dosa kabeh. Allah iku kapareng apura dosa tur Maha Asih.”
(Q.s. Az-Zumar: 53)

Ugi sampun kasebat wonten setunggalipun hadis Qudsi, Allah paring dhawuh,

 

أَنَا عِنْدَ ظَنِّ عَبْدِي بِي، وَأَنَا مَعَهُ حِينَ يَذْكُرُنِي. إِنْ ذَكَرَنِي فِي نَفْسِهِ، ذَكَرْتُهُ فِي نَفْسِي، وَإِنْ ذَكَرَنِي فِي مَلَإٍ، ذَكَرْتُهُ فِي مَلَإٍ هُمْ خَيْرٌ مِنْهُمْ. وَإِنْ تَقَرَّبَ مِنِّي شِبْرًا، تَقَرَّبْتُ إِلَيْهِ ذِرَاعًا، وَإِنْ تَقَرَّبَ إِلَيَّ ذِرَاعًا تَقَرَّبْتُ مِنْهُ بَاعًا، وَإِنْ أَتَانِي يَمْشِي أَتَيْتُهُ هَرْوَلَةً.

“Aku manut panyangka bawa para kawula marang ingsun. Ingsun bareng kawula nalika kawula eling marang Ingsun. Menawa para kawula eling Ingsun ing atine, Ingsun ngeling-ngeling deweke ing ati, menawa para kawula iku eling marang Ingsun ing bebrayan, Ingsun kelingan ing bebrayan sing luwih apik. Menawa kawula sowan marang Ingsun sejengkal, Ingsun nyerak sehasta. Nalika kawula Ingsun nyerak sehasta, Ingsun nyerak sedepa. Menawa kawulaningsun nyerak marang Ingsun kanti mlaku, Ingsun nyerak kanthi laku luwih cepet.”  (H.r. Al-Bukhari dan Muslim)

 

Sanes ayat lan hadis Qudsi ingkang sampun kasebat, Rasulullah Saw. ugi ngwisi para ummatipun mboten gadhah pengarep-arep. Sampun dipun ngendikaaken wonten hadis,

 

«لاَ طِيَرَةَ، وَخَيْرُهَا الفَأْلُ» قَالُوا: وَمَا الفَأْلُ؟ قَالَ: «الكَلِمَةُ الصَّالِحَةُ يَسْمَعُهَا أَحَدُكُمْ»

“Ora oleh ana thiyarah (rumangsa sial ing apa wae sing njalari ora nglakoni).  Sing becik yaiku al-Fa’lu. Para sahabat banjur nyuwun pirsa, duh kanjeng nabi, napa niku al-Fa’lu?  Pitutur becik sing dirungokne marang wong liya.”
(H.r. Al-Bukhari dan Muslim)

 

Kanjeng nabi ugi ngemutaken dumateng ummatipun ingkang pesimis lajeng mbiji masyarakat bilih masyarakat sampun risak,  malah tiyang menika ingkang paling risak.

 

إِذَا قَالَ الرَّجُلُ هَلَكَ النَّاسُ فَهُوَ أَهْلَكُهُمْ

Menawa ana wong sing mbiji kabeh wong wis rusak, mula wong iku sing paling rusak.” (H.r. Muslim)

 

Saking hadis menika saget dipun mangertosi bilih mbiji ala dumateng masyarakat dipun awisi. Wonten ing sak tengahing masyarakat, temtu wonten tiyang ingkang sae, mekaten ugi wonten tiyang ingkang ala.  Awit saking menika para da’i ampun ngantos nglokro anggenipun Amar Makruf Nahi Munkar wonten ing masyarakat.

 

Wonten ing kahanan Covid-19 sak menika, kita sedaya kedah gadhah watak optimis lan pangarep-arep ingkang sae wonten ngrsanipun Allah. Kita kedah yakin, menawi sampun wancinipun Allah bakal paring pitulung kanti sirnaning wabah menika. Allah Swt. sampun paring dhawuh,

 

فَإِنَّ مَعَ ٱلْعُسْرِ يُسْرًا

Temen sawise nglakoni rekasa bakal nemu gampang.”
(Q.s. Al-Insyirah: 5).

 

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْم، وَنَفَعَنِىْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآياَتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْم، وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْم.

أَقُوْلُ قَوْلِي هذَا، وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الغَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَات، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم.

 

Khutbah Kaping Kalih:

 

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ وَكَفَى، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى النَّبِيِّ الْـــمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الصِّدْقِ وَالْوَفَى.

أَمَّا بَعْد؛

فَيَا عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلاَ تَـمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُون.

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا ٱَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّد، وَعَلَى آلِ مُحَمَّد، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْم، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْم، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّد، وَعَلَى آلِ مُحَمَّد، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْم، وَعَلَى آلِ  إِبْرَاهِيْم، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْد.

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ.

اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاء، وَالْغَلَاء، وَالْوَبَاء، وَالْفَحْشَاء، وَالْمُنْكَر، وَالْبَغْي، وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَة، وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَن، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَن، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّة، وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

اَللَّهُمَّ إِناَّ نَسْأَلُكَ عِلْمًا ناَفِعًا، وَرِزْقاً طَيِّباً، وَعَمَلاً مُتَقَبَّلاً.

اللَّهُمَّ آتِ نُفُوْسَناَ تَقْوَاهَا، وَزَكِّها أَنْتَ خَيْرُ مَنْ زَكَّاهَا، أَنْتَ وَلِيُّهَا وَمَوْلاَهَا.

اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ جَهْدِ البَلاَء، وَدَرَكِ الشَّقَاء، وَسُوْءِ القَضَاء، وَشَمَاتَةِ الأَعْدَاء.

اللَّهُمَّ أصْلِحْ لَناَ دِيْنَناَ الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أمْرِناَ، وأصْلِحْ لَناَ دُنْيَاناَ الَّتي فِيهَا مَعَاشُناَ، وأصْلِحْ لَناَ آخِرَتِناَ الَّتي فِيهَا مَعَادُناَ، وَاجْعَلِ الحَيَاةَ زِيَادَةً لَناَ في كُلِّ خَيْر، وَاجْعَلِ الْمَوتَ رَاحَةً لَناَ مِنْ كُلِّ شَرّ.

اللَّهُمَّ آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّار.

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَان، وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى، ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر.

أَقِيْمُوا الصَّلاَة.

Tinggalkan Komentar