fbpx

IkadiDIY.com

Naskah Khutbah Jumat 03 Desember 2021 Edisi 282, Ikadi DIY, Versi Bahasa Jawa: ADAB PIYANTUN MUSLIM NALIKA NGADEPI JAWAH

ADAB PIYANTUN MUSLIM NALIKA NGADEPI JAWAH

Dening Ust. Dwi Budiyanto, M.Hum.

[Ketua Bidang Pelatihan dan Dakwah, PW Ikadi DIY]

Nyalin Basa: Ust. Isnan Abadi S.Pd., M.Pd.

[PD Ikadi Sleman, DIY]

 

Download PDF Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:

 

Download MS Word Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:

 

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَنْزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً مُبَارَكا، فَأَخْرَجَ بِهِ مِنَ الْأَرْضِ أَزْوَاجًا مِنْ نَبَاتٍ شَتَّى.

أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهَ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَه، لَهُ الْأَسْمَاءُ الْحُسْنَى وَالصِّفَاتُ الْعُلَى، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه، الْمَبْعُوْثَ لِلنَّاسِ هَادِيًا وَدَلِيْلا.

صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن، وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا مَزِيْدا.

أَمَّا بَعْدُ؛

فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِالتَقْوَى، فَهِيَ الزَّادُ فِي الدُّنْيَا، وَالنَّجَاةُ فِي الْأُخْرَى، قَالَ اللّٰهُ تَعَالَىٰ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ: ((يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ))

 

Jamaah Jumat Rahimakumullah,

Wonten ingkang kedah kita enget saking pangandikanipun Rasulullah nalika kita wonten ing wekdal mangsa jawah. Rasulullah paring pangandikan supados kita nggatosaken adab rikala nembe ngadepi jawah. Mboten wonten agami ingkang nerangaken kanthi rinci perkawis rikala ngadepi jawah kejawi agami kita nun injih agami Islam. Kanthi adab ingkang leres kados ingkang dipun wucalaken dening Rasulullah, insya Allah mangsa jawah badhe nambah kiyatipun iman kita dhumateng Allah. Kosokwangsulipun, menawi kita salah anggenipun nyikapi mangsa rendeng saget mblusukaken kita wonten ing kekufuran dhumateng Allah SWT.

Kanthi iman ingkang leres badhe nuntun saben-saben piyantun muslim supados kagungan keyakinan bilih jawah punika minangka kabarkahan saking Allah SWT. Pramila kita mangertosi wonten kebiasaan ingkang unik ing antawisipun para sahabat. Para sahabat sami remen rikala wonten jawah. Para sahabat sami usaha supados pikantuk kabarkahan saking jawah punika. Ibnu Abbas Radhiallahu ‘Anhu kagungan kebiasaan ingkang unik nalika wonten jawah, kados ingkang dipun cariosaken wonten setunggaling riwayat,

أَنَّهُ كَانَ إِذَا أَمْطَرَتِ السَّمَاءُ، يَقُوْلُ: يَا جَارِيَّةُ، أَخْرِجِي سَرْجِي، أَخْرِجِي ثِيَابِي، وَيَقُوْلُ: وَنَزَّلْنَا مِنَ السَّمَاءِ مَاءً مُبَارَكاً

“Menawi wonten jawah, piyambakipun ngendika: “Wahai rewangku, sira tokno pelanaku lan uga sandanganku. Banjur piyambakipun maosaken ayat 9 surat Qaaf ingkang artosipun: Lan Ingsun (Allah) nurunake sangka langit banyu kang kebak keberkahan [akeh manfaate).” (H.r. Al-Bukhari dalam kitab al-Adab al-Mufrad)

 

Ibnu Abbas r.a kanthi keimananipun mangertosi bilih jawah punika minangka keberkahan sangking Allah SWT. Dados, kesadaran ingkang kedah dipun gadhahi dening piyantun muslim nalika tumuruning jawah inggih punika pitados bilih jawah ingkang dipun turunaken dening Allah minangka rahmat lan keberkahan ingkang kedah dipun syukuri. Kesadaran punika dipun barengi kaliyan kebiasaan ngalap berkah (tabarruk) kanthi nelesi sak perangan badan kita kanthi toya jawah. Tumindak mekaten minangka wujud tabarruk ingkang dipun  keparengaken dening syariat, kados ingkang dipun lampahi dening Rasulullah Saw.

Anas bin Malik r.a. nyariosaken, “Kita nate kejawahan sareng-sareng Rasululllah Saw., lajeng Rasulullah Saw. nyingkapaken rasukanipun. Saklajengipun Rasulullah ngguyur badanipun kanthi toya jawah. Para shahabat nyuwun pirsa,”Duh Rasulullah, kenging punapa panjenengan nindakaken mekaten? Rasulullah paring jawaban kanthi ngendika,

لأَنَّهُ حَدِيثُ عَهْدٍ بِرَبِّهِ تَعَالَى

“Amarga udan iki lagi wae Allah anggone nyiptaake.” (H.r. Muslim).

 

Ngengingi hadis punika, Imam Nawawi nerangaken wonten ing Syarh Shahih Muslim bilih jawah menika minangka rahmat. Rahmat ingkang nembe kemawon dipun ciptaaken dening Allah Swt. Pramila Rasulullah ngalap berkah (tabarruk) saking jawah punika. Kanthi mekaten, punapa pantes piyantun muslim muring amargi wonten jawah? Temtu mboten pantes. Ananging kita asring kesupen, kadangkala kanthi enteng lesan kita ngucap: “Kok ya udah maneh.” Utawi: “Cilaka tenan, udan ora rampung-rampung.” Kathah piyantun muslim ingkang mboten syukur dhateng Allah amargi tumuruning jawah, ananging malah kulina nggresula. Estu, piyantun muslim dipun paringi piwucal supados mboten gampil nggresula ngadepi keadaan, kalebet nalika jawah. Nabi Saw. paing pangandikan,

 

إِنَّ الْعَبْدَ لَيَتَكَلَّمُ بِالْكَلِمَةِ مِنْ رِضْوَانِ اللَّهِ لاَ يُلْقِى لَهَا بَالاً، يَرْفَعُ اللَّهُ بِهَا دَرَجَاتٍ، وَإِنَّ الْعَبْدَ لَيَتَكَلَّمُ بِالْكَلِمَةِ مِنْ سَخَطِ اللَّهِ لاَ يُلْقِى لَهَا بَالاً يَهْوِى بِهَا فِى جَهَنَّمَ

“Sejatine ana salah suwijineng manungsa, ngucap kanthi suwijining ucapan kang ora dheweke pikirake, banjur Allah ngangkat derajate, den sebabake karana ucapan iku. Lan ana uga salah suwijineng manungsa, kang ngucap kanthi suwijineng ucapan kang ndadekake Allah duka, sarta ora den pikirake bahayane banjur dheweke di lebokake ing neraka Jahannam’ (H.r. al-Bukhari)

Dados wonten ingkang kedah kita lurusaken, sae punika cara pandang kita lan ugi kebiasaan lesan kita. Jawah minangka rahmat saking Allah ingkang kedah kita syukuri, amargi Allah nembe nurunaken keberkahan dhumateng kita.

 

Jamaah Jumat Rahimakumullah,

Kanthi mekaten, jawah saget nyebabaken piyantun muslim langkung enget lan caket dhumateng Allah. Salah setunggalipun sunnah ingkang prayogi dipun tindakaken rikala tumurun jawah inggih punika ndedonga dhumateng Allah kanthi donga ingkang dipun wucalaken dening Rasulullah. Perkawis punika dipun dhawuhaken dening Ummul Mukminin ‘Aisyah Radhiyallahu ‘Anha,

إِنَّ النَّبِىَّ -صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّم- كَانَ إِذَا رَأَى الْمَطَرَ قَالَ اللَّهُمَّ صَيِّباً نَافِعاً

“Nabi Shalallahu ‘Alaihi Wasallam menawi mirsani jawah, piyambakipun lajeng ndedonga:”Allahumma Shayyiban nafi’an (Ya Allah, mugi panjenengan paring dhateng kula, jawah ingkang paring manfaat”. (H.r. ِAl-Bukhari).

Piyantun muslim ingkang leres imanipun, mboten badhe nggresula menawi wonten jawah, ananging piyambakipun badhe ndedonga nyuwun dhumateng Allah supados jawah ndhatengaken manfaat kagem pagesanganipun. Sedaya kedadosan tansah wonten kendalinipun Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, kalebet jawah punika. Rasulullah ngendikakaken bilih wekdal tumuruning jawah menika minangka wekdal ingkang sae kagem ndedonga lan minangka wekdal ingkang sedaya panyuwunan mboten dipun tampik. Saking Sahl bin Sa’ad, panjenenganipun ngendika bilih Rasulullah Saw. ngendika,

ثِنْتَانِ مَا تُرَدَّانِ الدُّعَاءُ عِنْدَ النِّدَاءِ وَ تَحْتَ المَطَرِ

”Ana werna loro panyuwunan kang ora bakal den tolak: (1) Penyuwunan rikala adzan lan (2) panyuwunan rikala lagi tumurun udan”. (H.r. Al-Hakim dan ath-Thabrani dan disahihkan oleh Syaikh al-Albani).

Kanthi mekaten, wekdal tumurun jawah minangka wekdal ingkang pantes kita syukuri amargi Allah Swt. paring kesempatan dhateng sedaya piyantun muslim supados matur dhumateng Allah swt kanthi donga-donganipun. Kadangkala kita kesupen dhateng perkawis punika. Kadangkala kita sanget ngajeng-ajeng karunia saking Allah, ananging nalika Allah paring kesempatan kagem ndedonga wonten ing wekdal ingkang utama, kathah ingkang kesupen lan mboten ngginaaken wekdal punika kanthi sae. Rasulullah paring conto dhumateng kita, bilih milai tumurun jawah kita dipun anjuraken supados ndedonga, nyuwun keberkahan lan manfaat. Lan nalika wekdal jawah sampun terang, Rasulullah ugi paring piwucal dhateng kita supados syukur dhateng nikmat jawah menika lan ngakeni bilih rahmat punika tumurun saking ngarsaning Gusti Allah swt.

Saking Zaid bin Khalid al-Juhani, Nabi Saw. nindakaken shalat Shubuh sareng-sareng kita ing Hudaibiyah saksampunipun tumurunipun jawah wekdal dalunipun. Rikala badhe tindak malih, Rasulullah madhep dhumateng jamaah shalat, lajeng ngendika: “Apa sira mangerteni apa kang den ngendikaake Pengeran nira?” Para shahabat jawab: ”Allah lan Rasulipun ingkang langkung mangertosi.” Rasulullah lajeng paring pangandikan mekaten,

أَصْبَحَ مِنْ عِبَادِى مُؤْمِنٌ بِى وَكَافِرٌ فَأَمَّا مَنْ قَالَ مُطِرْنَا بِفَضْلِ اللَّهِ وَرَحْمَتِهِ. فَذَلِكَ مُؤْمِنٌ بِى وَكَافِرٌ بِالْكَوْكَبِ وَأَمَّا مَنْ قَالَ مُطِرْنَا بِنَوْءِ كَذَا وَكَذَا. فَذَلِكَ كَافِرٌ بِى مُؤْمِنٌ بِالْكَوْكَبِ

”(Allah paring pangandikan): Ana ing wayah esuk, ing antarane kawula ningsun ana kang iman marang ingsun, lan ana kang kafir. Sapa kang ngucap:”Muthirna bifadhlillahi warahmatihi (kita dipun paringi jawah amargi karunia saha rahmatipun Allah). Mula dheweke mau wong kang iman marang ingsun lan kufur marang lintang-lintang. Ananging wong kang ngucapake:”Muthirna binau’i kadza wakadza (kita dipun paringi jawah amargi wontenipun lintang menika lan menika), mula dheweke mau wong kang kufur marang ingsun lan iman marang lintang-lintang. (H.r. Al-Bukhari dan Muslim)

Mekaten hadis punika nerangaken bilih ngucapaken “Muthirna bi fadhlillahi warahmatih” nalika wonten jawah, mujudaken raos syukur awit nikmat  jawah ingkang dipun turunaken dening Allah swt.

Jamaah Jumat Rahimakumullah,

Mekaten pinten-pinten adab ingkang kedah kita gatosaken minangka piyantun muslim nalika nembe jawah. (1) Kedah sadar saha yakin bilih jawah punika minangka keberkahan. (2) Syukur kalian nikmat jawah kanthi ngalap berkah inggih punika kanthi nelesi seperangan anggota badan kita kanthi toya jawah. (3) Ndedonga rikala jawah kanthi donga: Allahumma shoyyiban nafi’an  (Ya Allah mugi panjenengan turunaken dhumateng kita jawah ingkang manfaati)”, (4) Ngathah-ngathahaken panyuwunan dhumateng Allah, amargi wekdal jawah minangka wekdal dipun ijabah panyuwunan-panyuwunan kita.

Mangga kita milai nindakaken perkawis-perkawis kesaenan ingkang alit lan dipun anggep sepele kados wekdal ngadepi jawah menika, mugi Allah paring ridha saha berkahipun dhumateng kita sedaya. Aamiin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فيِ الْقُرْآنِ الْكَرِيْم، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْم، وَتَقَبَّلَ مِنَّا تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْم

 

Khutbah Kaping Kalih

 

 اَلْحَمْدُ لله عَلَى إِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِه، وَأَشهَدُ أَن لا إِلَهَ إِلا اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِه، وأَشهدُ أنَّ نَبِيَّنَا مُحمَّدًا عَبدُهُ وَرَسُولُهُ اَلدَّاعِي إِلى رِضْوَانِه.

أَمَّا بَعْد؛

فَيَا عَبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلاَ تَـمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُون.

ثُمَّ صَلُّوا وَسَلِّمُوا عَلَى الْهَادِي الْبَشِيْر، وَالسِّرَاجِ الْمُنِيْر، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَاحِبِ الْفَضْلِ الْكَبِيْر. فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ: ((إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا))

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَماَ صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْد، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْن، أَبِيْ بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيّ، وَعَنِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعَيْن، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِمَنـِّكَ وَكَرِمِكَ يَا أَكْرَمَ الْأَكْرَمِيْن .

اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ، الأَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَات، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ

اللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإسَلَامَ وَالْمُسْلِمِيْن وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْن

اللَّهُمَّ آمِنَّا فِي أَوْطَانِنَا ، وَأَصْلِحْ أَئِمَّتَنَا وَوُلاَةَ أُمُورِنَا

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ

رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. والْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ،

أَقِيْمُوا الصَّلَاة…

 

 

Tinggalkan Komentar