fbpx

IkadiDIY.com

Materi Khutbah Jumat Ikadi versi Jawa edisi 30072021 NGLURUSAKEN TAWAKAL KITA

NGLURUSAKEN TAWAKAL KITA

Dening: Ust. Dwi Budiyanto, M.Hum.
(Kabid. Pelatihan dan Dakwah PW Ikadi DI Yogyakarta)

Nyalin Basa: Indra Gunawan, S.ST.
(Bendahara PD Ikadi Bantul, DI Yogyakarta)

Download PDF Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini

Download MS Word Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَ بِالتَّوَكُّلِ وَحَثَّ عَلَى الْعَمَل، وَنَهَى عَنِ التَّوَاكُلِ وَحَذَّرَ مِنَ الْكَسَل، وَسَمَّى نَفْسَهُ الْوَكِيْل، فَهُوَ حَسْبُنَا وَمَوْلَانَا، فَنِعْمَ الْمَوْلَى وَنِعْمَ الْوَكِيْل.

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَه، قَرِيبٌ مِنْ عِبَادِهِ الْمُؤْمِنِين، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُه، سَيِّدَ اْلأَنْبِياَءِ وَإِمَامَ الْمُرْسَلِين.

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأَتْبَاعِهِ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّين.

أَمَّا بَعْدُ؛

فَيَا أَيُّهاَ الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ التَّقْوَى، وَاسْتَمْسِكُوْا بِالْعُرْوَةِ الْوُثْقَى، قَالَ تَعَالىَ: ((وَاتَّقُوا اللهَ وَاعْلَمُوا أَنَّكُمْ مُلاَقُوهُ وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِينَ))

 

Ma’asyiral muslimiin rahimakumullah…

Pandemi ingkang Allah paringaken kagem kita dinten-dinten menika, saestunipun mboten namung nguji kesarasan lan perekonomian kita. Kesarasan estu ingkang paling pontang-panting ngajengi wabah punika. Lajeng dipun susul perekonomian ingkang meksa kathah piyantun kita kedah nikelaken kesobaran. Nanging, kejawi nguji kalih bab menika, saestunipun wabah menika ugi nguji cara kita menggalihaken lan gadhah sikap dados setunggaling tiyang muslim.

 

Wonten ing antawis piyantun ingkang enteng ngaturaken, “kagem punapa dipun vaksin, toh tetep gadhah peluang terpapar virus ugi!” utawi “prokas-prokes! gesang pejah punika wonten Astanipun Gusti Allah,” utawi pranyatan-pranyatan sajinis ingkang nggambaraken sikap ingkang nglirwakake lan mbebayani. Kadosipun pranyatan-pranyatan menika leres, nanging kanyata, wonten kalepatan ingkang kedah dipun koreksi. Wonten ing kahanan ingkang sami sumelang lan mboten gadhah pangarep-arep, asring wonten tiyang ingkang paring pranyatan ingkang mboten wiyos saking keimanan ingkang kokoh lan cara pandang ingkang wening lan sahih.

 

Adhep-adhepan kaliyan wabah, tugas dados tiyang muslim inggih punika nyempurnakaken ikhtiar. Islam ndhawuhaken umatipun kagem ndereki Sunnatullah bab hukum sebab lan akibat. Lebeting persoalan ngadepi wabah, ingkang sumerep ilmunipun inggih punika para dokter, ahli epidemi, lan para tenaga kesehatan. Ing arahan kasebat kita ndhasaraken ikhtiar supados ngindhari saking infeksi virus, sanes saking sumber informasi ingkang mboten kantenan lan mboten sahih.

 

Ma’asyiral muslimiin rahimakumullah…

Lebeting ngadhepi wabah, Islam mucalaken kagem nyempurnakaken ikhtiar. Usamah Bin Zaid Radhiyallahu ‘anhu ngaturaken hadis saking Rasulullah Shallallahu ‘alaihi Wa Sallam.

 

إِذَا سَمِعْتُمُ الطَّاعُونَ بِأَرْضٍ، فَلاَ تَدْخُلُوهَا، وَإِذَا وَقَعَ بِأرْضٍ، وأنْتُمْ فِيهَا، فَلاَ تَخْرُجُوا مِنْهَا.

“Menawo sliramu krungu ono wabah tha’un nglanda setunggaling wilayah,
mila sliramu ojo pada mlebu ono ing wilayah mau. Dene nalika wabah kasebut
nyerang nalika sliramu lagi ana ing kana, mula sliramu aja nganti ninggalake
wilayah kasebut.”
(H.r. Al-Bukhari)

 

Wonten lebeting konteks nyegah sumebaripun Covid-19 ingkang mboten kabendung menika, wujud ikhtiar kita inggih punika berdisiplin dateng protokol kesehatan, ngagem masker, ngindhari kerumunan, njagi jarak, nglampahi vaksinasi, lan sanesipun. Sampun ngantos dados muslim ingkang mboten gadhah budi utawi abai, malah cenderung dados tiyang ingkang mboten pitados dateng wabah. Sikap mekaten kantenan klentu. Mangga kita penggalih babagan pangandikan saking Imam Ibnu al-Jauzi wonten ing Kitab Minhaj al-Qashidin, “Bertawakkal kedah dipun iringi kanthi nebihi sebab kedadosanipun kemudharatan. Mila, mboten angsal hukumipun tilem wonten ing tengah padang ingkang kebak kewan galak, wonten papan ilenan bena utawi wonten ngandhap tembok ingkang badhe rentah.”

 

Imam Ahmad nate dipun pundhuti priksa ngengingi satunggaling tiyang ingkang pedamelanipun namung lenggah wonten griya utawi wonten masjid. Tiyang ingkang lenggah kasebat nate matur, “Kula mboten nindakaken punapa-punapa. Rizkinipun kula mesthi badhe dugi piyambak.” Imam Ahmad lajeng ngendiko, “Tiyang meniko estu bodho.” Amargi, Nabi Shallallahu ‘alaihi Wa Sallam piyambak sampun ngendiko,

إِنَّ اللَّه جَعَلَ رِزْقِي تَحْت ظِلّ رُمْحِي

“Allah wis maringi rezeki kawula wonten ing ngandhap tumbak kawula.”
(H.r. Ahmad)

 

Mekaten sikap para ulama nuduhaken kanthi leres, kados pundi ikhtiar lan penyerahan dhiri dhateng Allah Subnahu Wata’ala dipun panggenaken kanthi proporsional. Yen wonten kewan galak, sliramu nyingkiro. Yen nitih kendaraan wonten ratan ingkang mandhap lan curam, idaken rem. Yen sakit, pados obat utawi dipun rawat. Yen wonten wabah, mila ngati-ati. Menika wau minangka upaya/ikhtiar ingkang kedah dipun padosi. Imam Ahmad nyatakaken, “Sedaya tiyang kedahipun pasrah/tawakal dhateng Allah, ananging piyambakipun kedah ngupayakaken kanthi usaha.”

 

Imam Ibnu Qudamah Al-Maqdisi wonten ing Mukhtashar Minhaj al-Qashidin paring ujar, “Syariat muji tiyang-tiyang ingkang bertawakal.” Lajeng piyambakipun nerangaken, “Dampak saking tawakal ketingal saking aktivitas satunggaling tiyang lebeting usaha. Piyambakipun ngupaya pados rejeki utawi njagi ingkang sampun wonten. Piyambakipun ugi ngupaya nebihaken dhiri saking bab-bab ingkang mbebayani. Piyambakipun ugi ngupaya kagem ngicali bebaya, pados obat nalika sakit.” Malah, Imam Ibnu Qudamah nyebat lampah tiyang sedaya ingkang mboten purun usaha minangka polah tiyang-tiyang bodho lan dilarang ing syariat.

 

Sasampunipun nyempurnakaken ikhtiar, langkungipun mangga kita sami tawakal dhateng Allah Ta’ala. Wonten ing konteks tawakal dhateng Allah, sikap abai dateng ikhtiar kedah dipun koreksi. Nderek program vaksinasi inggih punika salah satunggaling wujud nyempurnakaken ikhtiar. Ananging, sampun ngantos kita tawakal dhateng ikhtiar. Sebab akibat estu menika Sunnatullah. Sinau minangka sebab pikantuk ngilmu. Pados obat minangka sebab supados saras. Nindakaken vaksinasi minangka sebab ngindhari saking infeksi virus. Nanging sanes sebab ingkang namung ndadosaken akibat. Kadhangkala, kanthi kersane Allah, wonten sebab nanging mboten wonten akibat. Ingkang dipun dhawuhaken dening syara’ lan cocog kalih akal inggih punika ngusahakaken sebab lan masrahaken asile dhateng Allah.

 

Pramila, sapisan malih, tiyang muslim mboten bertawakal dhateng usaha/ikhtiar. Saking perang Hunain, ingkang kedadosan wonten ing awal wulan Syawal warsa wolu Hijriah, para sahabat Rasulullah Shallallahu ‘Alaihi Wasallam nate angsal wucalan. Awalipun, para sahabat gumantung ing jumlah pasukan ingkang kathah. Wekdal menika, kaum muslimin dipun kiyati kaliyan 12 ewu tentara (10 ewu tiyang muslimin dipun tambah 2000 tiyang quraisy ingkang nembe mlebet Islam utawi mualaf). Allah kersa pasukan kaum muslimin kawon, sanadyan cacahe pasukan kathah. Ngengingi bab punika Allah nggambaraken wonten lebeting Al-Qur’an.

وَيَوْمَ حُنَيْنٍ ۙ إِذْ أَعْجَبَتْكُمْ كَثْرَتُكُمْ فَلَمْ تُغْنِ عَنْكُمْ شَيْئًا وَضَاقَتْ عَلَيْكُمُ الْأَرْضُ بِمَا رَحُبَتْ ثُمَّ وَلَّيْتُمْ مُدْبِرِينَ

“Lan (elinga) perang Hunain, nalika sliramu dadi bangga amarga jumlahmu akeh. Mila, jumlah iku ora migunani  apa-apa, lan bumi sing jembar rasane sempit banget, mula sliramu mundur kanthi nyebar/cerai berai.” (Q.s. At-Taubah: 25)

 

Mekaten, semestinipun tiyang muslim gadhah sikap. Ikhtiar dipun dhawuhaken, nanging mboten angsal tawakal dhateng ikhtiar. Punika ingkang mbentenaken tiyang ingkang pitados dhateng Allah kaliyan ingkang tebih saking iman. Kalih-kalihipun sami-sami usaha/ikhtiar, nanging tiyang ingkang mukmin badhe tawakal dhateng Allah SWT, dene tiyang ingkang mboten iman badhe tawakal dhateng ikhtiaripun.

 

Saking Abu Hurairah, Nabi Shallallahu ‘Alaihi Wasallam nate paring sabda,

يَدْخُلُ الْجَنَّةَ أَقْوَامٌ أَفْئِدَتُهُمْ مِثْلُ أَفْئِدَةِ الطَّيْرِ

Umume wong bakal mlebu Swarga sing atine kaya ati manuk.” (H.r. Muslim).

Manah kados peksi (af-idatuth thair), saperangan ulama ngendikakaken, inggih punika manah ingkang tansah pasrah utawi tawakal dhateng Allah Ta’ala. Ampun kawon kaliyan peksi. Mangga kita sinau saking peksi.

 

Saking Umar Bin Khattab, piyambakipun paring pangandikan menawi Rasulullah Shallallahu ‘Alaihi Wasallam paring sabda,

لَوْ أَنَّكُمْ كُنْتُمْ تَوَكَّلُونَ عَلَى اللَّهِ حَقَّ تَوَكُّلِهِ لَرُزِقْتُمْ كَمَا تُرْزَقُ الطَّيْرُ تَغْدُو خِمَاصًا وَتَرُوحُ بِطَانًا

Umpama sliramu pancen percaya marang Allah, mesthine sliramu bakal diwenehi rezeki, kaya manuk diwenehi rezeki. Dheweke esuk-esuk budhal ing wayah luwe, banjur bali sore kanthi weteng wareg.” (H.r. At-Tirmidzi)

 

Ma’asyiral muslimiin rahimakumullah…

Mangga kita netepi kewajiban kita kagem nyempurnakaken ikhtiar nalika ngadhepi wabah punika. Disiplin dhiri ngestuni dhateng protokol kesehatan, nderek program vaksinasi, akses informasi ingkang sahih bab wabah saking sumber-sumber ingkang kapitados, ampun katedha hoaks utawi warta palsu lan ampun ngantos tumut nyebar, lan ningkataken kepedulian kita kagem nulung sesami.

 

Langkungipun, manga kita sami pasrah dhateng Allah SWT. Namung kanthi tawakal dhateng Allah, kita badhe dipun paringi katentreman batos. Katentreman punika mboten badhe dipun angsal kanthi nolak kasunyatan saking wartos-wartos ingkang ngabaraken jumlah pasien lan jumlah tiyang pejah amargi wabah. Kita pikantuk tentrem kasebat saking sikap tawakal kanthi leres dhateng Allah SWT.

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ في اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ.

 

Khutbah Kaping Kalih:

اَلْحَمْدُ لله عَلَى إِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِه، وَأَشهَدُ أَن لا إِلَهَ إِلا اللَّهُ

وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِه، وأَشهدُ أنَّ نَبِيَّنَا مُحمَّدًا عَبدُهُ وَرَسُولُهُ الدَّاعِي إِلى رِضْوَانِه.

أَمَّا بَعْدُ؛

فَيَا عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ التَّقْوَى، وَأَطِيْعُوْهُ فِي السِّرِّ وَالنَّجْوَى.

ثُمَّ صَلُّوا وَسَلِّمُوا عَلَى الْهَادِي الْبَشِيْر، وَالسِّرَاجِ الْمُنِيْر، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَاحِبِ الْفَضْلِ الْكَبِيْر. فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ:  ((إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً))

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَماَ صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إنَّكَ حَمِيْدٌ مَـجِيْد، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الْـخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْن، أَبِيْ بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيّ، وَعَنِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعَيْن، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِمَنـِّكَ وَكَرِمِكَ يَا أَكْرَمَ الْأَكْرَمِيْن.

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ، وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اْلأَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَات، وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَات.

اللَّهُمَّ آمِنَّا فِي أَوْطَانِنَا، وَأَصْلِحْ أَئِمَّتَنَا وَوُلاَةَ أُمُورِنَا.

اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ، وَاْلوَبَاءَ، وَالزَّلاَزِلَ، وَاْلمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَا خآصَّة، وَسَائِرِ بِلاَدِ اْلمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.

اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْبَرَصِ وَالْجُنُونِ وَالْجُذَامِ وَمِنْ سَيِّء الْأَسْقَامِ.

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْعَفْوَ وَالْعَافِيَة، وَالْمُعَافَاةِ الدَّائِمَة، فِي دِيْنِنَا وَدُنْيَاناَ وَأَهْلِنَا وَمَالِناَ.

اللَّهُمَّ اسْتُرْ عَوْرَاتِنَا وَآمِنْ رَوْعَاتِنَا.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

والْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

أَقِيْمُوا الصَّلَاة.

Tinggalkan Komentar