IkadiDIY.com

Naskah Khutbah Jumat 15 Oktober 2021 Edisi 275, Ikadi DIY, Versi Bahasa Jawa: AMARGI TUMINDAK ANIAYA

AMARGA TUMINDAK ANIAYA

Dening: Ust. Mochammad Arief Makruf, S.Si.
(Bidang Humas dan Organisasi, PW Ikadi DIY)

Nyalin Basa: Ust. Isnan Abadi, S.Pd.,M.Pd.
(PD Ikadi Sleman, PW Ikadi DIY)

 

Download PDF Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:

 

Download MS Word Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:

 

 اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ حَرَّمَ الظُّلْمَ عَلَى نَفْسِه، وَجَعَلَهُ مُحَرَّمًا بَيْنَ مَخْلُوْقَاتِه، وَبَيَّنَ عَاقِبَةَ الظَّالِمِيْنَ عَلَى لِسَانِ رَسُوْلِه.

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَه، جَلَّ فِيْ عُلَاهُ وَتَعَالَى فِي جَبَرُوْتِه،  وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه، مُرْشِدُ أَتْبَاعِهِ وَنَاصِحُ أُمَّتِه.

صَلَّ اللَّهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُم إِلَى يَوْمِ الدِّيْن، وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.

 أَمَّا بَعْدُ؛

 فَيَا عِبَادَ الله، اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: ((يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ))

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Wonten salah satunggaling ulama saking kalangan tabiin ingkang sanget alim, andhap asor, tuwin gagah prakoso ingkang asmanipun Said bin Jubair. Said bin Jubair sugeng wonten ing jamanipun gubernur Daulah Umayyah ingkang zalim ingkang naminipun Hajjaj bin Yusuf. Sejarah nyatet bilih Hajjaj bin Yusuf dados panguasa ingkang gampil mejahi sinten kemawon ingkang memengsahan kalian piyambakipun, kalebet poro ulama ingkang shalih.

Daulah Bani Umayyah minangka kekhalifahan ingkang dipun adegaken dening Muawiyyah bin Abi Sufyan saksampunipun konflik politik kaliyan Ali bin Abi Thalib, minangka khalifah ingkang sah, amargi mboten setuju kaliyan kebijakanipun Ali bin Abi Thalib, ingkang mboten paring paukuman dateng piyantun-piyantun ingkang mejahi Utsman  bin Affan Radhiallahu‘anhum Ajma’in. Saklajengipun, Daulah Bani Umayyah ndadosaken sedaya piyantun ingkang mbela Ali bin Abi Thalib minangka mengsahipun nagari.

Dipun ngendikaaken dening Imam adz-Dzahabi wonten kitab Siyar A’lam An Nubala’. Sak wijineng wekdal, Said bin Jubair dipun peksa njawab pitakenan saking Hajjaj bin Yusuf ingkang sanget kebak kepentingan. Pitakenanipun mekaten: “Apa Ali bin Abi Thalib mlebu naraka?”

Said bin Abi Jubair ngendiko : “ Menawa sira wus mlebu neraka, sira bakal ngerteni sapa wae kang ana ing njero neraka, lan ing wektu iku pitakonanmu bakal entuk jawaban”.

Mboten trima kanthi jawaban kados mekaten, lajeng Said bin Jubir dipun pejahi. Sakderengipun dipun pejahi, Said bin Jubair nyenyuwun dhumateng Allah kanthi donga: “Duh Allah, ampun panjenengan paringi kesempatan piyambakipun kagem mejahi piyantun malih saksampunipun mejahi kula”.

Allah ngabulaken pandongaipun Said bin Jubair. Dereng ngantos setunggal wulan saking sedanipun Said bin Jubair, Hajjaj bin Yusuf ugi  mati lan mboten gadhah kesempatan mejahi piyantun sanes malih.

Sakderengipun mati, Hajjaj bin Yusuf ngimpi kanthi impen ingkang mboten sae. Piyambakipun ngimpi dipun ukum awit tumindak aniayanipun saking saben-saben nyawa ingkang dipun pejahi. Khusus tumindak aniayanipun dhateng Said bin Jubair, Hajjaj bin Yusuf ngantos ngimpi dipun pejahi  ngantos kaping pitung puluh.

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Kisah Hajjaj bin Yusuf saget kagem gambaran tumindak aniaya ingkang sanget keji. Langkung-langkung nganiaya dhumateng ulama ageng. Sanget pedih azabipun Allah dumateng tiyang ingkang tumindak aniaya. Pramila saking menika, ampun ngantos kita tumindak aniaya, amargi tumindak aniaya menika badhe dhatengaken asil ingkang awon sarta damel sengsara wonten ing donya lan akhirat. Kados pangandikanipun Rasulullah saw,

عَنْ أَبِـيْ ذَرٍّ الْغِفَارِيِّ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ، عَنِ النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فِيْمَـا يَرْوِيْهِ عَنْ رَبِّهِ عَزَّ وَجَلَّ أَنَّهُ قَالَ: ((يَا عِبَادِيْ! إِنِّـيْ حَرَّمْتُ الظُّلْمَ عَلَـى نَفْسِيْ، وَجَعَلْتُهُ بَيْنَـكُمْ مُحَرَّمًا؛ فَلاَ تَظَالَـمُوْا…))

“Saking Abu Dzar al-Ghifari radhiyallahu anhu bilih Nabi saw ngendikaaken dhawuhipun Allah ‘azza wajalla, “Wahai abdiningsun, saktemene Ingsun ngaramake tumindak aniaya ingatase ingsun, lan ingsun ndadekake haram ing antarane sira. Mula aja sira pada tumindak aniaya marang liyan.” (H.r. Muslim)

Tumindak aniaya nuninjih sak walikipun tumindak adil. Tumindak aniaya menika salah sawijining tumindak ingkang nglanggar lan nyebabaken memengsahan amargi ngrampas hak lan nglarani manahipun tiyang sanes. Tumindak aniayanipun panguwasa dhumateng rakyatipun langkung mbebayani lan langkung awon akibatipun, amargi panguwasa kagungan alat saha sarana kagem nggampangaken tumindak aniayanipun.

Rasulullah shalallhu ‘alaihi wasallam nate ndongaaken para panguwasa kanthi kesaenan menawi panguwasa menika tumindak ingkang sae. Lan ndongaken kesusahan menawi panguwasa menika damel susahipun kawula alit. Kados pangedikanipun Rasullah ingkang suraosipun kados mekaten,

اللَّهُمَّ مَنْ وَلِيَ مِنْ أَمْرِ أُمَّتِي شَيْئًا فَشَقَّ عَلَيْهِمْ فَاشْقُقْ عَلَيْهِ وَمَنْ وَلِيَ مِنْ أَمْرِ أُمَّتِي شَيْئًا فَرَفَقَ بِهِمْ فَارْفُقْ بِهِ

“Duh Allah, sok sintena ingkang pikantuk jabatan wonten ing pemerintahan umat kulo, lajeng piyambakipun damel angel urusanipun umat kula, mugi panjenengan damel angel piyambakipun. Lan sinten kemawon ingkang pikantuk jabatan wonten ing pemerintahan umat kula, lajeng piyambakipun paring pitulungan dhateng umat kula, mugi panjenengan paring pitulungan dumateng piyambakipun” (H.r. Muslim dan Ahmad)

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah.

Punapa akibat ingkang dipun tampi menawi kita tumindak aniaya?

Sepisan, tumindak aniaya badhe ngakibataken tiyang ingkang nglampahi dados piyantun ingkang bangkrut wonten ing akhirat. Wonten salah setunggaling hadis sangking Abu Hurairah Radhiallahu ‘anhu bilih Nabi Shalallahu ‘alaihi wassallam nate mbedheki para sahabat,

أَتَدْرُونَ مَنِ الْمُفْلِس؟ قَالُوا: الْمُفْلِسُ فِينَا مَنْ لَا دِرْهَمَ لَهُ وَلَا مَتَاع. فَقَالَ: إِنَّ الْمُفْلِسَ مِنْ أُمَّتِي، مَنْ يَأْتِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ بِصَلَاةٍ، وَصِيَامٍ، وَزَكَاةٍ، وَيَأْتِي قَدْ شَتَمَ هَذَا، وَقَذَفَ هَذَا، وَأَكَلَ مَالَ هَذَا، وَسَفَكَ دَمَ هَذَا، وَضَرَبَ هَذَا، فَيُعْطَى هَذَا مِنْ حَسَنَاتِه، وَهَذَا مِنْ حَسَنَاتِه. فَإِنْ فَنِيَتْ حَسَنَاتُهُ قَبْلَ أَنْ يُقْضَى مَا عَلَيْهِ، أُخِذَ مِنْ خَطَايَاهُمْ فَطُرِحَتْ عَلَيْهِ، ثُمَّ طُرِحَ فِي النَّارِ.

“Apa sira ngerti sapa wong kang bangkrut iku?” Para sahabat sami matur, “Piyantun ingkang bangkrut inggih punika ingkang mboten kagungan Dirham sarta banda.” Saklajeningipun Nabi Shalallahu ‘alaihi wasallam  ngendika: ”Wong kang bangkrut sangka umatku yaiku wong kang tumeka ana ing dina kiamat kanti nggawa (ganjaran) shalat, pasa lan zakat. Ananging (rikala ana ing dunya) deweke wus nyiksa, nuduh, mangan banda, numpahake getih lan nganiaya wong liya (tanpa hak).  Banjur ganjarane wong mau dijupuk lan diwenehake marang wong-wong kang di dianiaya nganti ganjarane entek. Menawa wus entek ganjaran tumindak becike, banjur dosa-dosane wong-wong mau bakal den wenehake marang deweke, nuli deweke dicemplungake ono ing naraka.”
(H.r. Muslim)

Kaping kalih, dipun dongaaken kanthi donga ingkang ala marang wong kang den aniaya, kamangka donganipun  piyantun ingkang dipun aniaya menika dipun kabulaken dening Allah, kalebet menawi piyantun ingkang dipun aniaya menika dongaaken ala dateng ingkang nganiaya. Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wasllam ngendika

اتَّقِ دَعْوَةَ الْمَظْلُومِ فَإِنَّهَا لَيْسَ بَيْنَهَا وَبَيْنَ اللَّهِ حِجَابُ

Pada ngati-ngatia sira marang dongane wong-wong kang den aniaya amarga antarane dongane lan Allah ora ana kang ngalang-ngalangi.” (Muttafaq Alaih)

Kaping tiga, tumindak aniaya dados sebab tumurunipun musibah lan bencana. Kados pangendikanipun Allah Subhanahu wata’ala wonten ing Al-Quran,

فَكَاَ يَّنْ مِّنْ قَرْيَةٍ اَهْلَكْنٰهَا وَهِيَ ظَالِمَةٌ فَهِيَ خَاوِيَةٌ عَلٰى عُرُوْشِهَا وَبِئْرٍ مُّعَطَّلَةٍ وَّقَصْرٍ مَّشِيْدٍ

“Banget akehe negeri kang wus Ingsung binasaake amarga (masyarakate) pada tumindak aniaya, sahingga rusak bangunan-bangunane lan (banget akehe uga) sumur kang den tinggalake lan istana kang duwur (ora ana kang manggoni).”
(Q.s. Al-Hajj: 45)

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah.

Mekaten bebaya lan akibat  saking tumindak aniaya. Monggo kita sami nyenyuwun dhumateng Allah, mugi kita tansah dipun jagi sangking tumindak aniaya, sae menika aniaya dhumateng sesami manungsa, dumateng diri pribadi kito lan ugi aniaya dhumateng Allah Subhanahu wata’ala. Kados donga ingkang dipun wucalaken dening Nabi Adam Alaihi sallam dhumateng kita

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ

“Duh pengeran kula, kula sampun nganiaya dhumateng diri pribadi kula, lan menawi panjenengan mboten paring pangapunten dhumateng kula, lan maringi Rahmat dhumateng kulo, mesti kula kalebet piyantun-piyantun ingkang ru”.
(Q.s. Al A’raf: 23)

Sakwalikipun, kita ugi nyenyuwun dhumateng Allah  supados dados kawulanipun Allah ingkang gadhah akhlak ingkang sae ingkang tansah ajrih sangking dosa lan dipun paringi lembuting manah. Aamiin Ya Rabbal ‘aalamiin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

Khutbah Kaping Kalih

 

الْحَمْدُ للهِ عَلَى إِحْسَانِه، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِه، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهَ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، تَعْظِيْمًا لِشَأْنِه، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِيْ إِلَى رِضْوَانِه.

صَلَوَاتُ رَبِّي وَسَلَامُهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأعْوَانِه.

 أَمَّا بَعْدُ؛

فَيَا عِبَادَ اللهِ، اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوىَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. ((يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ)).

((إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً))

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَات.

رَبَّنَا لا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّاب.

اَللَّهُمَّ انْصُرْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ النَّاصِرِيْنَ، وَافْتَحْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ، وَاغْفِرْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْغَافِرِيْنَ، وَارْحَمْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الرَّازِقِيْنَ، وَاهْدِنَا وَنَجِّنَا مِنَ الْقَوْمِ الظَّالِمِيْنَ وَالْكَافِرِيْنَ.

اَللَّهُمَّ اقْسِمْ لَنَا مِنْ خَشْيَتِكَ مَا تَحُوْلُ بَيْنَنَا وَبَيْنَ مَعْصِيَتِكَ، وَمِنْ طَاعَتِكَ مَا تُبَلِّغُنَا بِهِ جَنَّتَكَ، وَمِنَ الْيَقِيْنِ مَاتُهَوِّنُ بِهِ عَلَيْنَا مَصَائِبَ الدُّنْيا، وَمَتِّعْنَا بِأَسْمَاعِنَا وَأَبْصَارِنَا وَقُوَّاتِنَا مَا أَحْيَيْتَنَا، وَاجْعَلْهُ الْوَارِثَ مِنَّا، وَاجْعَلْهُ ثَأْرَنَا عَلَى مَنْ ظَلَمَنَا، وَانْصُرْنَا عَلَى مَنْ عَادَانَا، وَلاَ تَجْعَلْ مُصِيْبَتَنَا فِي دِيْنِنَا، وَلاَ تَجْعَلِ الدُّنْيَا أَكْبَرَ هَمِّنَا، وَلاَ مَبْلَغَ عِلْمِنَا، وَلاَ تُسَلِّطْ عَلَيْنَا بِذُنُوْبِنَا مَنْ لاَ يَخَافُكَ فِيْنَا وَلَا يَرْحَمُنَا.

اَللَّهُمَّ انْصُرْ إِخْوَانَنَا الْـمُسْلِمِيْنَ فِي كُلِّ مَكَانٍ وَزَمَانٍ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْن.

رَبَنَا آتِنَا في الدُنْياَ حَسَنَةَ وفي الآخِرَةِ حَسَنَةَ وقِنَا عَذَابَ النَّار

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *