fbpx

IkadiDIY.com

Naskah Khutbah Jumat 1 Oktober 2021 Versi Bahasa Jawa, Edisi 273, Ikadi DIY: MILIH SABAR

MILIH SABAR

Dening: Ust. Endri Nugraha Laksana, S.Pd.I.
(Ketua PW Ikadi DIY)

Nyalin Basa: Ust. Munawar S.Ag
(Ketua PD Ikadi Gunung Kidul, DIY)

   

Download PDF Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:

 

Download MS Word Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:

  

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ حَضَّ عَلَى الصَّبْرِ وَجَعَلَهُ مِفْتَاحًا لِأَسْمَى الْمَطَالِب، وَأَعْظَمَ بِهِ لِلصَّابِرِيْنَ الْأَجْرَ وَأَنَالَهُمْ أَسْنَى الرَّغَائِب.

وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إلَهَ إلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَه، جَعَلَ عاَقِبَةَ الصَّبْرِ الظَّفَر، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُه، صَاحِبَ الْوَجْهِ الْأَنْوَر، وَالْجَبِيْنَ الْأَزْهَر، فَصَلِّ اللهم عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ مَا تَعَاقَبَ اللَّيْلُ وَالنَّهَار.

أَمَّا بَعْد؛

فَياَ عِبَادَ الله، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى الله فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُون، قَالَ تَعَالَى: ((يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ))

 

Hadirin sidang Jumat rahimakumullah,

Mboten wonten tiyang ingkang remen gerah, utawi nyuwun badanipun  gerah. Mekaten ugi mboten wonten tiyang engkang remen menawi nikmat sehat dipun pundhut saking badanipun. Nalika nembe nandang musibah gerah, saben-saben tiyang mesti dedonga wonten ngarsanipun Allah  mugi-mugi enggal dipun paringi kasarasan.  Gerah dados satunggaling musibah  ingkang mboten dipun remeni, kados musibah-musibah sanesipun.

 

Ananging, tumrap tiyang-tiyang ingkang iman, gerah saged mujudaken  rahmat saking ngarsa dalem Allah SWT. Kanthi  gerah menika, Allah SWT paring pangapunten sedaya dosa-dosanipun.

 

Nabi shallallahu `alaihi wasallam sampun ngendika:

مَا يُصِيبُ الْمُسْلِمَ مِنْ نَصَبٍ وَلَا وَصَبٍ وَلَا هَمٍّ وَلَا حُزْنٍ وَلَا أَذًى وَلَا غَمٍّ حَتَّى الشَّوْكَةِ يُشَاكُهَا إِلَّا كَفَّرَ اللَّهُ بِهَا مِنْ خَطَايَاهُ.

“Ora ana wong mukmin sing  lara utawa kekeselen, wedi lan susah, klebu awak sing tatu kena ri, kejaba Allah bakal mbusek  kabeh salahe ” (H.r. Al-Bukhari)

 

Tiyang ingkang nembe nandang gerah dipun apura sedaya salah lan dosanipun, kanthi syarat gadah manah ingkang lila (ridha); nun injih lila nampi takdir Allah ingkang awujud  badan ingkang nandang gerah. Rasulullah SAW paring pangandikan:

 

وَإِنَّ اللَّهَ إِذَا أَحَبَّ قَوْمًا ابْتَلاَهُمْ ، فَمَنْ رَضِيَ فَلَهُ الرِّضَا ، وَمَنْ سَخِطَ فَلَهُ السَّخَطُ.

“Nalika Allah tresna marang salah sijining kaum, Allah bakal paring pacoben.  Nalika kaum iku mau lila Allah paring lila, Nalika kaum iku mau nggresula, Allah paring murka marang kaum iku.(H.r. Abu Dawud).

 

Hadirin sidang Jumat rahimakumullah,

Wonten setunggaling kisah ingkang  kacariosaken  dening Ibnu Abbas  dhumateng muridipun, injih menika ‘Atho’ Bin Abi Rabah. Ibnu ‘Abbas ngendika: “Apa sliramu gelem ingsun paringi kawruh wanita kang bakal mlebu suwarga? ” Atho’ njawab: ”Injih.”

 

Ibnu Abbas nglajengaken: “Wanita kuwi kulite ireng, sowan marang kanjeng Nabi  Muhammad Shallallahu ‘alaihi wasallam, banjur matur: “Duh kanjeng Nabi kula gadhah sakit ayan,  menawi nembe angot katon aurat kula. Kula suwun kanjeng Nabi kersa paring donga dumateng kula”.

 

Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam paring pangandikan:

إِنْ شِئْتِ صَبَرْتِ وَلَكِ الْجَنَّةُ وَإِنْ شِئْتِ دَعَوْتُ اللَّهَ أَنْ يُعَافِيَكِ

Yen sira gelem sabar,  piwales kanggo sira yaiku suwarga.  Umpama sira kepingin, aku arep dedonga supaya Allah paring  kasarasan marang sira”

 

Hadirin sidang Jumat rahimakumullah,

Menapa engkang dipun pilih wanita kala wau?  Saget saras kanthi  donganipun Kanjeng Nabi, utawi milih nandang gerah lan sabar kanthi piwales suwarga?

 

Wanita kalawau  kasunyatan milih sabar  nandang gerah lan langkung remen dipun ganjar suwarga, wanita kalawau matur dumateng Kanjeng Nabi:

 

أَصْبِرُ

Kula milih sabar mawon.”

 

Banjur wanita kalawau matur malih: ”Kanjeng Nabi, nalika angot ayan, katon aurat kula,  kawula suwun kanjeng Nabi dedonga wonten ngarsanipun Allah SWT mugi-mugi Allah nutup Aurat kula” Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam banjur dongaake marang wanita mau”. (H.r. Al-Bukhari dan Muslim).

 

Hadirin sidang Jumat yang dirahmati Allah,

Biasanipun, tiyang dipun anggep begja gesangipun menawi kahananipun sae, mboten wonten mushibah, rejekinipun lancar, pandamelanipun  lancar, sehat. Tiyang engkang mekaten kasebut Ahlul-‘Afiyah.

 

Benjang wonten akhirat, tiyang engkang kasebut Ahlul-‘Afiyah,  kepingin dhumateng ganjaran ingkang dipun paringaken Allah dhumatheng Ahlul-Bala’, inggih punika tiyang-tiyang engkang nalika gesangipun wonten ing donya  katon susah, kurang rejekinipun, asring  nandang gerah. Rasulullah SAW ngendika:

 

يَوَدُّ أَهْلُ العَافِيَةِ يَوْمَ القِيَامَةِ حِيْنَ يُعْطَى أَهْلُ البَلَاءِ الثَوَابَ لَوْ أَنَّ جُلُوْدَهُمْ كَانَتْ قُرِضَتْ فِيْ الدُّنْياَ بِالمَقَارِيضِ

Nalika Ahlul bala’ nampa ganjaran  ing akhirat, Ahlul ‘Afiyah  padha pengin sinambi mbayangake menawa kulite  nalika ing donya biyen tatu-tatu kena gunting
(H.r. At-Tirmidzi).

 

Hadirin sidang Jumat rahimakumullah,

Tumrap tiyang-tiyang mukmin, napa mawon ingkang Allah paringaken  sedaya wau dados kasaenan. Nalika nampi nikmatipun Allah, piyambakipun nampi kanthi syukur, lan syukur  mekaten kalebet kasaenan. Nalika Allah paring ganjaran arupi mushibah, dipun tampi kanthi sabar, lan sabar mekaten kalebet  kasaenan.

 

Salah setunggaling mushibah ingkang tasih kita raosaken injih menika wontenipun pandemi covid-19. Wonten sajroning pageblug engkang dipun wastani pandemi covid-19 menika mangga kita tansah emut janji Allah lan Rasulipun bilih akhirat langkung sae. Mila mboten namung raos sedih lan susah kemawon ngadepi pageblug covid-19.

 

Mugi kita sedaya kalebet ewoning tiyang ingkang tansah  sabar, tabah, nampi pacoban lan mushibah saking Allah swt. Aamin.

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

  

Khutbah Kaping Kalih

 

اَلْحَمْدُ لِلَّه، وَالشُّكْرُ لِلّهِ، وَلاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ بِاللهِ.

أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَه، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه.

اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ، نَبِـيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَليَ آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَالاَه.

 أَمَّا بَعْد؛

فَيَا أَيـُّهَا الْمُسْلِمُوْن، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْن.

وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِه، وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِه، وَثَلَّثَ بِكُمْ أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْن، فَقَالَ عَزَّ مِنْ قَائِلٍ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلًا عَلِيْمًا: ((إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الِّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا))

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ، سَيِّدِ اْلأَوَّلِيْنَ وَاْلأَخِرِيْنَ، وَسَلِّمْ وَرَضِيَ اللهُ تَعَالَى عَنْ كُلِّ صَحَابَةِ رَسُوْلِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ.

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ، فَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ.

رَبَّناَ اغْفِرْ لَناَ ذُنُوْبَناَ وَلِوَالِدِيْناَ وَارْحَمْهُمْ كَمَا رَبَّوْناَ صِغَاراً.

اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِيْ هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِيْ فِيْهَا مَعَاشُنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ إِلَيْهَا مَعَادُنَا، وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِيْ كُلِّ خَيْرٍ، وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرّ.

اَللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ عِلْمٍ لَا يَنْفَع، وَمِنْ قَلْبٍ لَا يَخْشَع، وَمِنْ نَفْسٍ لَا تَشْبَع، وَمِنْ دُعَاءٍ لَا يُسْتَجاَبُ لَه.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِاْلإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْم.

رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

Tinggalkan Komentar