HIJRAH TUMUJU KAMARDIKAN
SAKING PANDEMI COVID-19
Dening: Ust. Wahyudin, S.Pd.I
(Sekretaris PW Ikadi DIY)
Nyalin Basa: Ust. Paryono
(PD Ikadi Sleman, DIY)
Download PDF Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:
Download MS Word Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ جَعَلَ هِجْرةَ نَبِيِّهِ نَقْلَةً نَوْعِيَّة، وَانْطِلاَقَةً تَارِيْخِيَّة، فِيِ حَيَاةِ أُمَّتِهِ وَفِي مُسْتَقْبَلِ الْبَشَرِيَّة.
نَحْمَدُهُ جَلَّ وَعَلَا عَلَى نِعَمِهِ الْكَثِيْرَة، وَفَضَائِلِهِ الْغَزِيْرَة، وَآلَائِهِ الْوَفِيْرَة.
وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إلَهَ إلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَه، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُه، كَشَفَ اللهُ تَعَالَى بِهِ الْغُمَّة، وَهَدَى بِهِ الْأُمَّة، فَصَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. أَمَّا بَعْد؛
فَياَ عِبَادَ الله، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى الله فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُون، قَالَ تَعَالَى: ((يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ))
Jamaah sidang Jumat rahimakumullah
Kita nembe kemawon lumebet warsa enggal Islam inggih menika 1 Muharram/1 Syura 1443 Hijrah. Kita sedaya, insyaallah sampun mangertosi prastawa hijrah ingkang sampun sanget kawentar menika. Prastawa hijrah sanes perkawis ingkang prasaja, ananging prastawa menika rekadayanipun Ilahi lan dhawuh Allah SWT ingkang Maha Pirsa. Pramila tansah wonten hikmah dan piwucal wigatos ingkang saget dipun pendhet saking prastawa menika.
Wonten ing kahanan sanes, kita ugi nembe mengeti dinten Kamardikan Indonesia ingkang kaping 76, tanggal 17 Agustus 2021. Kekalih prastawa menika meh sareng namung benten setunggal Jumat. Sedayanipun taksih wonten ing kahanan pandhemi covid-19 ingkang dereng mangertos kapan akhiripun. Mila saking menika, mangga kita ginakaken greget prastawa hijrah menika kangge “mardika ” utawi uwal saking covid-19.
Jamaah sidang Jumat rahimakumullah
Kanti lahir, prastawa hijrah menika dhawuhipun Allah Ta’ala dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW lan para shahabat supados pindhah saking Makkah Al-Mukarromah tumuju Yatsrib utawi Madinah Al-Munawaroh. Panjenenganipun ninggalaken papan dunungipun menika kanthi manah ingkang awrat. Kita saget nggambaraken, kados pundi sedhihipun nilaraken papan dunung ingkang sanget dipun tresnani.
Hijrah sanes prastawa mlajaripun pemimpin agami saking glanggang payudan dakwah, ananging perjuangan ingkang kebak pacoban lan perjalanan ingkang awrat sanget. Hijrah menika dhawuhipun Allah kangge njagi lan njejegaken risalah Allah ingkang nembe Rasul emban, inggih menika Dinul Islam lan ugi para pendherekipun. Hijrah menika kalampahan amargi kaum muslimin wekdal semanten mboten gadhah kamardikan nindakaken dhawuh Gusti Allah, njejegaken syariatipun ing dalem negeri ingkang kajajah dening panguwaos ing mriku.
Jamaah sidang Jumat rahimakumullah
Makaten gambaran awratipun lahir lan batos Kanjeng Nabi Muhammad SAW lan para shahabatipun rikala hijrah. Mila mangga kita pendhet pelajaran utawi piwucalipun ingkang penting kangge kita terapaken wonten ing panggesangan kita saat menika lan ingkang badhe dhateng, kangge tansah berproses dhumateng perkawis ingkang langkung sae.
Hijrah, mucalaken kita supados dados mukmin lan muslim sejati, dados tiyang ingkang kersa nulung agamanipun Allah lan berjuang kangge medal saking kahanan ingkang awrat menika. Wekdal menika, hijrah ingkang kedah kita tindakaken inggih menika kados pundi berjuang ngalahaken pandhemi menika.
Jamaah sidang Jumat rahimakumullah
Menapa makna hijrah kita wekdal menika?
Sepindah, kedah berproses tumuju arah ingkang langkung sae. Caranipun inggih menika nambah seserepan lan waosan, tansah sinau lan ndhereaken pengajian. Kaitanipun kaliyan wabah menika kita kedah mangertos perkembanganipun, lajeng nglampahi prokes 5M, ndherek vaksinasi, lan mbiasakaken gesang cara resik lan sehat, supados virus mboten jenjem ing badan kita.
إِنَّ اللَّهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتَّى يُغَيِّرُوا مَا بِأَنْفُسِهِمْ
“Saktemene Allah iku ora kersa ngowahi peparinge kabegjan utawa kabungahan marang para manungsa, kejaba menawa manungsa mau ngowahi kelakuane dhewe.” (Q.s. Ar Ra’d: 11)
Dados, sesarengan nuju dhumateng kesaenan menika kita mboten badhe kegud saking warta hoaks utawi apus-apusan lan nasaraken, lan ugi kita saget maringi pangertosan dhumateng masyarakat sanesipun.
Kaping kalih, nilaraken sedaya bab ingkang mboten sae utawi negatif tumuju perkawis-perkawis ingkang sae lan positif tur manfati, sae kangge penggalih, pengayuh, pangandikan lan tumindak. Menika dados tanggel jawab kita menawi gadhah gegayuhan tumuju kahanan ingkang langkung sae. Kados pangandikanipun Rasulullah Shallallahu ‘Alaihi Wasallam,
المُسْلِمُ مَنْ سَلِمَ المُسْلِمُونَ مِنْ لِسَانِهِ وَيَدِهِ، وَالمُهَاجِرُ مَنْ هَجَرَ مَا نَهَى اللَّهُ عَنْهُ
“Sakwijine Muslim yaiku wong sing kaum muslimin selamet saka lisane lan tangane, lan wong sing hijrah yaitu wong sing ninggalake barang kang dilarang dening Allah.” (H.r. Al-Bukhari).
Jamaah sidang Jumat rahimakumullah
Kaping tiga, nilaraken egoisme tumuju kerjasama bermasyarakat. Al-Qur’an surat Al-Maidah ayat 2, Allah ngendika,
وَتَعَاوَنُوا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوَى وَلَا تَعَاوَنُوا عَلَى الْإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ
“Lan sira kabeh supaya padha tulung-tinulung ana ing tumindak becik, lan bektia ing Allah, lan sira aja tulung tinulung ana ing laku dosa lan memungsuhan .”
(Q.s. Al-Ma`idah: 2).
Perjuangan hijrah menika perjuangan ingkang awrat. Nggayuh kamardikan ugi perjuangan ingkang awrat. Wekdal menika kita berjuang mardika saking pandhemi ugi perjuangan ingkang awrat. Perkawis menika mboten tugas pamrentah kemawon ananging dados tugas kula panjengan sami.
Kita sedaya kedah kagungan peran aktif berjuang nglawan kawontenan menika ngantos kita saget menang sesarengan, menang mengsah pandhemi lan wangsul tumuju panggesangan ingkang anyar utawi ingkang kasebat New Normal lan merdika saking Covid-19.
Jamaah sidang Jumat rahimakumullah
Kaping sekawan, hijrah tumuju pasrah lan gumantung dhumateng Allah ash-Shomad.
Saksampunipun kita ikhtiar kalih mapinten-pinten usaha, sakmenika wekdalipun kita ndhodhok korinipun langit, munajat, ndonga kaliyan Gusti Allah ‘azza wajalla, ngangkat asta nyuwun ngapunten lan pitulungan kanthi khusyu’, tawadhu’ lang tadharru’.
Tawadhu’ inggih menika laku manungsa ingkang anggadhahi watak tunduk, lembah manah, mboten gumedhe lan mboten mirsani derajat sesama. Menika sikap manah lan dipun ujudaken praktek lahiriyahipun kanthi wajar lan wicaksana. Menawi tadharru‘ ngemot makna tadzallul (ngasoreke dhiri ing ngarsa Allah) lan istikamah. Pangandikanipun Allah,
ادْعُوا رَبَّكُمْ تَضَرُّعًا وَخُفْيَةً إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِينَ
“(He para kawulane Allah) sira pada nyenyuwuna marang Allah pangeranira klawan dhedhepe sarta lirih. Satemene pangeranira iku ora remen wong kang padha nyenyuwun klawan swara kang sora (bengak-bengok) kaken tembung tur ora terus ing ati.” (Q.s. Al-A’raf: 55).
Jamaah sidang Jumat rahimakumullah
Sanesipun menika, wonten bab ingkang langkung penting lan hikmah ingkang agung wontenipun pandhemi menika. Inggih menika wajibipun kita naker malih keislaman kita dhumateng Allah. Lan menika ingkang utami.
Keyakinan kita dhumateng Allah, tata cara ibadah lan ndonga kedah kita teliti; menapa sampun leres lan selaras kaliyan ajaranipun Rasululah SAW.
Salah setunggaling conto kemawon. Kita mangertos ganjaranipun tindak Haji. Ananging kados pundi malah sampun kalih tahun kita mboten saget nindaaken kewajiban menika. Mbok bilih kathah tiyang ingkang bangga kagungan gelar Haji. Sebab menika, Allah mujudaken pandhemi menika supados para kawulanipun emut bilih ibadah menika kedah dipun lampahi kanthi Lillahi Ta’ala. Wonten ing hadis Qudsi Allah ngendika,
يَا عِبَادِي لَوْ أَنَّ أَوَّلَكُمْ وَآخِرَكُمْ وَإِنْسَكُمْ وَجِنَّكُمْ كَانُوا عَلَى أَتْقَى قَلْبِ رَجُلٍ وَاحِدٍ مِنْكُمْ مَا زَادَ ذَلِكَ فِي مُلْكِي شَيْئًا يَا عِبَادِي لَوْ أَنَّ أَوَّلَكُمْ وَآخِرَكُمْ وَإِنْسَكُمْ وَجِنَّكُمْ كَانُوا عَلَى أَفْجَرِ قَلْبِ رَجُلٍ وَاحِدٍ مَا نَقَصَ ذَلِكَ مِنْ مُلْكِي شَيْئًا
He kawula-Ku, umpama kabeh maningkas lan jin saka awal tekan paling keri dhewe, kabeh padha taqwa, mengkono mau ora nambah kekuasaan-Ku. He kawula-Ku yen kabeh maningkas lan jin saka awal tekan akhir padha maksiyat marang Aku, ora bakal ngurangi sethithik wae kekuasaan-Ku (H.r. Muslim).
Jamaah sidang Jumat rahimakumullah
Mangga kita siapaken tekad kita, siap-siap kangge hijrah. Hijrah tumuju perkawis ingkang langsung sae saking wonten ing sedaya bidang penggesangan. Amargi panci leres hijrah menika selamanipun gesang. Wekdalipun ugi kita berjuang lan hijrah tumuju kahanan ingkang langkung sae, nggayuh “kamardikan” saking pandhemi lan wabah Covid-19. Mugi Allah Swt paring pitulungan lan lampah kita sedaya. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْم، وَنَفَعَنِىْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآياَتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْم، وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْم.
أَقُوْلُ قَوْلِي هذَا، وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الغَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَات، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم.
Khutbah Kedua:
الْحَمْدُ لله عَلَى إِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِه، وَأَشهَدُ أَن لا إِلَهَ إِلا اللَّهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِه، وأَشهدُ أنَّ نَبِيَّنَا مُحمَّدًا عَبدُهُ وَرَسُولُهُ الدَّاعِي إِلى رِضْوَانِه. أَمَّا بَعْد؛
فَيَا عَبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلاَ تَـمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُون: ﴿إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً﴾
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدَ الشَّاكِرِيْنَ، حَمْدَ النَّاعِمِيْنَ، حَمْدًا يُّوَافِى نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ اْلحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلاَ لِكَ اْلكَرِيْمِ وَعَظِيْمِ سُلْطَانِك.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَماَ صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إنَّكَ حَمِيْدٌ مَـجِيْد، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الْـخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْن، أَبِيْ بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيّ، وَعَنِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعَيْن، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِمَنـِّكَ وَكَرِمِكَ يَا أَكْرَمَ الْأَكْرَمِيْن .
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ، وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ.
اَللَّهُمَّ فَرِّجْ هَمَّ الْـمَهْمُوْمِين، وَنَفِّسْ كَرْبَ الْـمَــكْرُوْبِين، وَاقْضِ الدَّيْنَ عَنَ الْـمَدِيْنِيْن، وَاشْفِ مَرْضَانَا وَمَرْضَى الْـمُسْلِمِين،
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا، وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ
اَللَّهُمَّ لاَ تَدَعْ لَنَا ذَنْبًا إِلاَّ غَفَرْتَه، وَلاَ هَمًّا إِلاَّ فَرَّجْتَه، وَلاَ دَيْنًا إِلاَّ قَضَيْتَه، وَلاَ حَاجَةً مِنْ حَوَائِجِ الدُّنْيَا وَاْلآخِرَةِ إِلاَّ قَضَيْتَهَا يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيْم.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
والْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.