AJA NINGGALAKE GENERASI SING RINGKIH
Dening: Mohamad Mufid, M.Pd.I
(Ketua PD IKADI Kota Prabumulih, Sumatera Selatan)
Nyalin Basa: Hasto Joko Nur Utomo
(Sekretartis PC IKADI Ngaglik, Sleman, DIY)
Download PDF Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:
Download MS Word Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ مَنَّ عَلَيْنَا بِنِعْمَةِ الْأَوْلَاد، وَفَتَحَ لَنَا مِنْ أَسْبَابِ الْهِدَايَةِ كُلَّ بَاب.
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَه، لَهُ الْمُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُ وَهُوَ الْكَرِيْمُ الْوَهَّاب، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه، رَغَّبَ فِيْ طُرُقِ الصَّلاَحِ وَحَذَّرَ مِنْ طُرُقِ الْفَسَاد.
صَلَّ اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّم، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُم إِلَى يَوْمِ الْمِيْعَاد.
أَمَّا بَعْدُ؛
فَيَا عِبَادَ الله، اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: ((يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ))
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Islam mujudake agama kang sampurna kang paring tuntunan lan pituduh supaya uripe manungsa tansah rahayu, ing donya lan akhirat. Islam ngatur uripe manungsa ing babagan pribadi, kulawarga lan masyarakat. Islam kepengin saben wong bisa nggayuh kabegjan ing kulawarga lan masyarakat, kaya dene nggayuh kabegjan pribadi.
Kanggo ngawujudake pranatan kang sampurna, agama Islam paring tuntunan marang saben kulawarga supaya uripe manut karo kersaning Allah. Ing antarane yaiku larangan kanggo wong tuwa ninggalake generasi sing ringkih; lemah fisik, intelektual, emosional lan ekonomi. Amarga generasi kang ringkih ora bisa urip normal ing donya. Opo maneh, dheweke nduweni tanggung jawab kanggo nyembah marang Allah lan dadi khalifah Allah ing bumi. Allah Ta’ala ngendika wonten ing surat an-Nisa’ ayat 9:
وَلْيَخْشَ الَّذِينَ لَوْ تَرَكُوا مِنْ خَلْفِهِمْ ذُرِّيَّةً ضِعَافًا خَافُوا عَلَيْهِمْ فَلْيَتَّقُوا اللَّهَ وَلْيَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا
“Lan padha wedia marang Allah, wong-wong kang bakal ninggalake anak-anake kang ringkih, kang padha sumelang ing kesejahteraane. Mulané padha wedia marang Allah lan sira padha ngucapaké tembung kang bener.” (Q.s. An-Nisa’: 9)
Ing ayat punika Allah SWT ngengetaken dhateng kaum muslimin supaya ora ninggalake keturunan utawa generasi kang ringkih. Mesthine, larangan iki luwih ditujokake marang wong tuwa sing duwe anak lan keturunan. Ananging supaya cita-cita mujudaken generasi kuat bisa kawujud ing masyarakat muslim, mulane mbutuhake ikhtiar bebarengan saka kabeh komponen masyarakat, kalebu para guru. Tegese ringkih kang kasebut ing ayat iku sifate umum, yaiku: ringkih ing babagan akidah, ringkih ing babagan ibadah, ringkih ing babagan intelektual/ilmu lan ringkih ing babagan ekonomi.
Kaping siji, aja ninggalake generasi sing ringkih akidah. Ing abad 21 iki, kaum muslim ngadhepi tantangan serius, kang awujud perkembangan teknologi informasi lan komunikasi kang perubahane cepet banget. Kanthi anane teknologi informasi iki, manungsa katon urip tanpa jarak. Jagad iki kaya ana ing telapak tangane kita kabeh. Kabeh krasa cedhak. Kabeh informasi sing positif lan negatif – bisa diakses kapan wae liwat telpon android.
Minangka umat Islam, kita kudu tansah waspada lan ngati-ati ngadhepi perkembangan teknologi sing cepet banget. Luwih-luwih, kita uga kudu nggatekake anak-anak kita. Dheweke durung duwe kadewasan sing cukup, kanggo ngatasi dampak negatif saka arus informasi sing cepet. Yen teknologi iki ora dibarengi karo kualitas iman sing kuat, mula bisa nyebabake dampak negatif marang anak-anak kita, kalebu pendangkalan (nggerus/ngrusak) akidah lan ora bisa mbedakake antarane hak lan batil.
Sing ironis, kemajuan teknologi sing kudune ndadekake uripe manungsa luwih gampang/kepenak, nanging saknyatane malah nyebabake manungsa adoh saka Allah Swt. Ora mung kuwi. Anane teknologi sing mesthine bisa ndadekake komunikasi antarane manungsa luwih cedhak, kadangkala malah ndadekake kita adoh saka kulawarga, uga bisa nyebabake sikap egois lan hubungan sing ora harmonis.
Akeh wong sing ngagung-agungake materi/bandha lan ngedohi spiritualitas. Komitmen marang agama dianggep ora cocog karo urip ing jaman saiki. Mula yen dipikir kanthi wening, kahanan donya saiki sejatine kaya dene kahanan masyarakat jahiliyah ing 14 abad kapungkur, sing ngumbar hawa nafsu lan nyimpang saka aturan agama sing lurus.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Mulane kita minangka wong tuwa kudu luwih waspada lan ngati-ati. Aja nganti anak turun kita dadi generasi sing lemah akidah. Solusi kanggo masalah iki yaiku kanthi nandheske pendidikan akidah. Bab kasebut dituladhani dening Luqman al-Hakim ing Al-Qur’an kang tansah nuwuhake iman marang anak-anake wiwit cilik. Allah SWT ngandika:
وَإِذْ قَالَ لُقْمَانُ لِابْنِهِ وَهُوَ يَعِظُهُ يَا بُنَيَّ لَا تُشْرِكْ بِاللَّهِ إِنَّ الشِّرْكَ لَظُلْمٌ عَظِيمٌ
“Lan (elinga) nalika Luqman ngendika marang putrane, nalika dheweke mulang putrane: “He anakku, aja sira nyekutokake Allah, satemene nyekutokake (Allah) iku kezhaliman kang gedhe.”
(Q.s. Luqman: 13).
Pendidikan akidah uga diajarke dening Nabi Ya’qub ‘Alaihis salam sing kasebut ing Surat Al-Baqarah ayat 133. Sakdurunge seda, Nabi Ya’qub sing wis biasa ndidik putra-putrine manembah dhateng Allah, kepengin mesthekake kabeh putrane tetep istikomah ing babagan akidah sing bener. Nabi Ya’qub ngandika,
مَا تَعْبُدُونَ مِنْ بَعْدِي
“Apa sing bakal kok sembah sawise aku mati?”
Kanthi tegas putra-putrane padha mangsuli, “Kula bakal nyembah marang Pangeranira lan Pangerane para leluhurira, yaiku Ibrahim, Ismail lan Iskak, (yaiku) Allah Kang Maha Esa lan kula namung tunduk patuh marang Allah.” (Q.s. Al-Baqarah: 133).
Riwayat Luqman al-Hakim lan Nabi Ya’qub iku nggambarake keprigelan lan keprihatinane tiyang sepuh tumrap generasi penerus ing babagan akidah. Iki minangka piwulang sing migunani kanggo kita kabeh, supaya ora ninggalake generasi sing lemah akidah.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Ingkang kaping pindo, aja ninggalake generasi kang lemah ibadah. Solusi kanggo nyegah generasi sing lemah ibadah yaiku ngajarke pendidikan ibadah ing kulawarga. Pembiasaan ngibadah iku penting banget ditindakake ing keluarga wiwit saka cilik, saengga tuwuh komitmen generasi mudha kanggo tansah nindakake ibadah wajib lan sunnah, kayata sholat limang wektu, siyam, maca Al-Qur’an lan sak panunggalane.
Saiki akeh generasi sing ngremehake ibadah, utamane sholat 5 wektu. Sejatine sholat iku ora mbutuhake wektu sing suwe. Sholat kita mung butuh 15 menit saka wektu wudhu, nganggo sandhangan suci banjur nindakake shalat. Yen sholat 5 waktu, mula butuh 75 menit (utawa 1 jam + 15 menit). Wektu sholat iki luwih sithik tinimbang wektu istirahat, kerja, dolanan lan ngobrol karo kulawarga. Mula, aneh yen bocah-bocah sing lair saka kulawarga muslim, nanging ora gelem sholat kaya wong tuwane. Opo maneh yen alesane ora duwe wektu, lan ora sempat amarga kesibukan saben dinane.
Fenomena generasi saiki sing ngremehake ibadah shalat lan luwih nuruti hawa nafsu pancen wis kasebut ing Al Qur’an, kaya sing dingendikakake dening Allah.
فَخَلَفَ مِنْ بَعْدِهِمْ خَلْفٌ أَضَاعُوا الصَّلَاةَ وَاتَّبَعُوا الشَّهَوَاتِ فَسَوْفَ يَلْقَوْنَ غَيًّا
“Banjur bakal tumeka sawise dheweke (generasi) penerus kang nglirwakake shalat lan nuruti hawa nafsune. Wekasane dheweke bakal kesasar.” (Q.s. Maryam: 59)
Pramila, tiyang sepuh kudu pinter ndhidhik, mbimbing putrane babagan ibadah, utamane bab sholat. Amarga sholat iku tiang agama. Sapa sing negakake sholat, mula dheweke kalebu wong kang negakake agama. Lan sapa sing ngrusak sholat , dheweke kalebu wong kang ngrusak agama.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Kaping telu, aja ninggalake generasi kang lemah ing babagan ilmu. Supaya ora lemah ing babagan ilmu, mila tiyang sepuh kudu tansah paring motivasi marang putrane supaya sregep sinau lan milihake lembaga pendidikan ingkang sae. Sukses donya mbutuhake kecakapan, keterampilan dan penguasaan ilmu pengetahuan sing cukup. Semono uga sukses ing akhirat. Sapa wonge kang kepengin nggayuh suwarga lan ridhane Gusti Allah, kudu mangerteni babagan ilmu agama. Imam Syafi’i ngendika: “Sing sapa kepengin urip ing donya, iku wajib ngelmu, lan sapa sing kepengin urip ing akherat, iku wajib ngelmu.”
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Kaping papat, ora ninggalake generasi sing lemah ekonomi. Ninggalake kulawarga kanthi kahanan sing makmur luwih becik tinimbang ninggalake kulawarga kanthi kahanan sing miskin. Prinsip iki penting kanggo dileksanakake supaya generasi penerus ora dadi beban kanggo wong liya, apa maneh ngemis.
Rasulullah Saw. nerangake prinsip iki marang para sahabat. Sawijining wektu, nalika Rasulullah mlebu ing omahe Sa’ad bin Abi Waqqas Ra. nalika Sa’ad lara parah, Sa’ad takon, “Dhuh Rasulullah, saktemene kula gadhah bandha, dene ora ana sing marisi kula kajaba anak wadon. Napa kula saged menehi rong pertiga saking bandha kula kangge sedekah?” Rasulullah Saw. ngendika, ” Ora bisa.” Sa’ad takon, “Kados pundi menawi setengahipun?” Rasulullah ngendika, “Ora.” Sa’ad takon, “Kados pundi menawi sepertiganipun?” Kanjeng Nabi mangsuli, “Sakprotelu cukup.” Kanjeng Rasulullah ngandika: “Satemene yen sampeyan ninggalake ahli waris ing kahanan makmur iku luwih becik tinimbang ninggalake ahli waris ing kahanan miskin lan nyenyuwun marang wong liya.” (Muttafaq ‘Alaih)
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Kanthi mbekali anak turunan kita kanthi papat babagan ing ndhuwur, yaiku: pendidikan akidah, pendidikan ibadah, ilmu lan bekal ekonomi, kita ngarep-arep supaya kita wis nindakake dhawuhe Allah supaya ora ninggalake generasi sing ringkih. Saklajengipun, mugi-mugi putra-putri kita saged nglajengaken estafet dakwah Islamiyah kangge nyebaraken kaluhuran nilai-nilai Islam saha dados barokah dateng alam donya. Amin Ya Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الآيَاتِ وَالِّذكْرِ الْحَكِيمِ ، وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيم
Khutbah Kaping Kalih
الْحَمْدُ للهِ عَلَى إِحْسَانِه، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِه، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهَ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، تَعْظِيْمًا لِشَأْنِه، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِيْ إِلَى رِضْوَانِه.
صَلَوَاتُ رَبِّي وَسَلَامُهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأعْوَانِه.
أَمَّا بَعْدُ؛
فَيَا عِبَادَ اللهِ، اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوىَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. ((يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ))
((إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً))
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ، سَيِّدِ اْلأَوَّلِيْنَ وَاْلأَخِرِيْنَ، وَسَلِّمْ وَرَضِيَ اللهُ تَعَالَى عَنْ كُلِّ صَحَابَةِ رَسُوْلِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَات.
رَبَّنَا لا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّاب.
اَللَّهُمَّ انْصُرْ إِخْوَانَنَا الْـمُسْلِمِيْنَ فِي كُلِّ مَكَانٍ وَزَمَانٍ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْن.
رَبَنَا آتِنَا في الدُنْياَ حَسَنَةَ وفي الآخِرَةِ حَسَنَةَ وقِنَا عَذَابَ النَّار.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُون، وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِين، وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِين.