NJAGA TETEP TEGUHING IMAN
Denig: Ust. M. Abdullah Sholihun
(Bidang Pendidikan dan Pesantren, PW Ikadi DIY)
Nyalin Basa: Ust. Munawwar, S.Ag
(Ketua PD Ikadi Gunung Kidul, DIY)
Download PDF Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:
Download MS Word Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:
اَلْحَمْدُ ِللهِ وَكَفَى، وَالْعَاقِبَةُ لِلتَّقْوَى، وَسُبْحَانَ مَنْ يَقُوْلُ: وَالسَّلاَمُ عَلَى مَنِ اتَّبَعَ الْهُدَى.
أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَه، الْعَالِمُ السِّرَّ وَأَخْفَى، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُجْتَبَى.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّهِ الْمُصْطَفَى، سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ الدَّاعِ لِأُمَّتِهِ إِلَى هِدَايَةِ اللهِ وَجَنَّتِه، هِيَ أَحْسَنُ الْمَأْوَى وَأَبْقَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ وَمَنِ اقْتَفَى.
أَمَّا بَعْد؛
فَيَا عِبَادَ الله، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن، وَقَال اللهُ تَعَالى فِي كِتَابِهِ الْمُبِيْن: ((يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَكُونُوا مَعَ الصَّادِقِينَ))
Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Iman ingkang Allah Swt. paringaken dhumateng kita wajib dipun jaga. Iman menika ingkang badhe dados wasilah kagem pikantuk rahmat, kamulyan, pangapunten lan swarganipun Allah. Ngiyataken diri pribadi ingatase iman lan agami dados perkawis ingkang wajib kagem saben-saben piyantun muslim.
Wonten ing pagesangan masyarakat wekdal punika, dipun liputi kathah pacoban. Kados pacoban arupi banda, ambisi, serakah lan sanes-sanesipun. Pengaruhipun nular wonten pundi-pundi. Wonten ing pagesangan, ugi kathah perkawis syubhat lan syahwat ingkang nyebabaken agami menika karaosaken dados awrat. Pramila menika, piyantun-piyantun ingkang njagi imanipun, kedah temenan anggenipun njaga imananipun. Perkawis punika kados ingkang dipun ngendikaaken dening Rasulullah Saw,
القَابِضُ عَلَى دِيْنِهِ كَالْقَابِضِ عَلَى الْجَمْرِ
“Wong kang nggegem agamane, kaya wong kang nggegem mawa geni.” (H.r. Ahmad)
Senadyan mekaten, kathah ugi umat Islam ingkang mboten peduli kaliyan iman lan agaminipun, sahingga piyambakipun supe saking perkawis ingkang leres lan ngremehakem dhateng amal sholih. Kahanan mekaten asring dados sebab dumadinipun kerusakan wonten ing masyarakat. Contoh alit ing perkawis menika kadosta wujudipun piyantun ingkang mboten pedule dhumateng etika, akhlak lan tatakrama.
Menawi kerusakan milai dados fenomena wonten tengah-tengahipun masyarakat, malah kepara dipun maklumi dados perkawis ingkang limrah, njagi keimanan dados perkawis ingkang awrat sanget. Kahanan mekaten kadhangkala ndadosaken manah kita gampil goyah. Rapuhipun manah menika saget dipun sebabaken kahanan ing sak kiwa tengenipun, saget keranten kirangipun ngilmu, utawi saget ugi keranten mboten peduli kaliyan imanipun piyambak.
Rasulullah Saw. paring pangandika,
لَقَلْبُ ابْنِ آدَمَ أَشَدُّ انْقِلاَباً مِنَ الْقِدْرِ إِذَا اجْتَمَعَتْ غَلْياً
“Yekti temene wolak-waliking ati manungsa iku luwih banter tinimbang dandang nalika lagi umub.” (H.r. Ahmad lan al-Hakim)
Rasulullah Saw. ugi paring sanepan sanes ngengingi manah manungsa ingkang saben-saben wegdal tansah mbolak-balik,
إِنَّمَا سُمِّيَ الْقَلْبُ مِنْ تَقَلُّبِهِ، إِنَّمَا مَثَلُ الْقَلْبِ كَمَثَلِ رِيْشَةٍ فِى شَجَرَةٍ يُقَلِّبُهَا الرِّيْحُ ظَهْرًا لِبَطْنٍ
“Ati iku kasebut qalbu, marga saka sifat ati sing gampang mbolak-bakik. Ati iku kaya godhong ing wit-witan kang kabur kanginan.” (H.r. Ahmad)
Wonten setunggaling pujangga syair engkang ngendika,
وَمَا سُمِّيَ الإِنْسَانُ إِلاَّ لِنَسْيِهِ وَلاَ الْقَلْبُ إِلاَّ أَنَّهُ يَتَقَلَّبُ
“Manungsa iku diarani manungsa amarga gampang lali, lan ati diarani qalbu amarga watak ati sing gampang mbolak-balik.”
Awit manah menika tansah mbolak-balik, sampun dados kewajiban sedaya kaum muslimin supados ampun lena lan tansah mbudidaya kanthi sak sae-saenipun kados pundi manah menika mboten nyimpang saking paugeranipun Allah.
Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Wonten pinten-pinten perkawis ingkang perlu dipun gathosaken supados manah menika tansah teguh, kiyat sarta istiqomah sak lebetipun keimanan.
Sepisan, tansah dedonga wonten ngarsanipun Allah supados pikantuk teguhing manah. Perkawis menika dipun jelasaken dening Allah wonten surat Al-Isra’ ayat 74,
وَلَوْلَآ أَن ثَبَّتْنَٰكَ لَقَدْ كِدتَّ تَرْكَنُ إِلَيْهِمْ شَيْـًٔا قَلِيلًا
“Lan menawa Ingsun ora nguatake (ati) nira, mesti sira bakal condong sethithik marang deweke (wong-wong kafir).” (Q.s. Al-Isra’: 74)
Ayat menika nedahaken bilih supados pikantuk teguhipun manah ingatase agaminipun Allah, saben-saben piyantun muslim kedah ngupadi kanthi tansah nyenyuwun dhumateng Allah.
Rasulullah sampun paring kawruh dhumateng kita setunggaling donga supados tansah pinaringan iman ingkang teguh, inggih menika,
اَللَّهُمَّ مُصَرِّفَ الْقُلُوْبِ صَرِّفْ قُلُوْبَنَا عَلَى طَاعَتِكَ
“Ya Allah, Dzat ingkang mbolak-mbalikaken manah, tedahaken manah kawula kagem taat dhumateng paduka”. (H.r. Muslim).
Ingkang kaping kalih, iman dhumateng Allah kanthi leres. Artosipun, kita kedah ngupaya ingkang maksimal nindakaken amal-amal sholih kagem bukti keimanan kita. Amal sholih ingkang dipun lampahi saged ndadosaken piyantun muslim caket dhumateng Allah. Saklajengipun, piyambakipun badhe tansah pinaringan pitedah dan nur cahyanipun Gusti Allah wonten ing saklebetipun manah.
Allah Swt. paring nasihat dhumateng kita kanthi dhawuhipun,
وَلَوْ أَنَّهُمْ فَعَلُوا۟ مَا يُوعَظُونَ بِهِۦ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ وَأَشَدَّ تَثْبِيتًا
“Lan sejatine, menawa dheweke nindakake pelajaran kang den wenehake, mesthi kang mengkono iku luwih becik tumrap dheweke lan luwih nguatake imane.”(Q.s. An-Nisa; 66).
Kaping tiga, nebihi sedaya maksiyat lan dosa, sae dosa ingkang ageng utawi ingkang alit, ingkang katon utawi ingkang sesideman. Amargi dosa lan maksiyat ndadosaken manah dados ringkih lan imanipun dados rapuh. Akibatipun piyantun ingkang mekaten mboten nggadhahi kekiyatan lan keteguhan iman malih.
Rasulullah sampun ngengetaken dhumateng kita, kanthi pangendikanipun,
إِيَّاكُمْ وَمُحْقِرَاتِ الذُّنُوْبِ فَإِنَّهُنَّ يَجْتَمِعْنَ عَلَى الرَّجُلِ حَتَّى يُهْلِكَنَّهُ…
“Padha ngati-ngatia sira marang dosa kang kaanggep sepele (cilik), amarga menawa iku wus tinumpuk ana ing manungsa, dosa-dosa iku bisa ngrusak marang manungsa.” (H.r. Ahmad dan Thabrani).
Salah setunggaling ahli syair ngendikaaken,
Bebasna sira sangka dosa-dosa cilik lan uga dosa gedhe,
Iku wujud ketakwaan.
Lumakua kaya wong kang mlaku ingatase bumi kang akeh erine,
Lan ngati-atia aja sira ngremehake dosa cilik,
Merga gunung iku sangka tumpukan watu-watu cilik.
Kaping sekawan, tansah maos dan nyinauni Al-Qur’an sahingga pikantuk kefahaman dhumateng kitab Allah ingkang suci punika. Al-Quran ingkang minulya saged dados sarana neguhaken iman ingkang utami. Al-Quran dados tali Allah ingkang kiyat lan dados cahya ingkang padhang. Sinten ingkang ngugemi Al-Quran, Allah badhe njagi piyambakipun. Sinten ingkang manut Al- Quran, Allah badhe milujengaken. Lan sinten ingkang ngajak dhumateng Al-Quran, Allah badhe nedahaken margi ingkang leres. Allah ngendika wonten ing Al-Qur’an,
قُلْ نَزَّلَهُۥ رُوحُ ٱلْقُدُسِ مِن رَّبِّكَ بِٱلْحَقِّ لِيُثَبِّتَ ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ وَهُدًى وَبُشْرَىٰ لِلْمُسْلِمِينَ
“Kandhakna Muhammad: Ruhul Qudus (Malaikat Jibril) nurunake Al-Qur’an iku sangka Pengeranmu kanthi bener, kanggo neguhake (ati) wong-wong kang wus podho iman. Lan dadi pituduh sarta kabar kang nyenengake tumrap wong-wong kang pasrah (marang Allah).” (Q.s. An-Nahl: 102).
Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Sejatosipun, mboten wonten piyantun ingkang saget uwal saking godanipun setan. Pramila kathah piyantun ingkang gampil keblusuk dhateng mergi ingkang lepat. Ing antawisipun sebab ingkang paling kiyat inggih punika pengaruh lingkungan. Pramila kagem tambahan sarana neguhaken manah inggih punika kanthi srawung lan pasederekan dhumateng piyantun ingkang shalih, mliginipun dhumateng para ulama ingkang kagungan ketakwaan ingkang murni, ingkang leres sarta ilmu ingkang jembar. Amargi kanthi srawung dumateng para ulama, tumindak lepat kita badhe dipun emutaken lan dipun leresaken. Para ulama badhe tansah nerangaken perkawis ingkang mamang lan ugi perkawis ingkang mboten jelas hukumipun tumrap tiyang awam.
Kejawi punika, srawung dhateng para ulama badhe ndadosaken mergi-mergi kesaenan kabukak kanthi jembar, amargi pitedah ingkang dipun paringaken dening para ulama. Sak lajengipun, mergi-mergi kemaksiyatan badhe tinutup sahingga kita langkung gampil nebihi kemaksiyatan kasebat.
Ibnul Qayyim nyariosaken: “Nalika ana rasa khawatir kang gedhe lan prasangka, lan kaya-kaya bumi iki dadi ciyut, aku tumeka marang daleme Ibnu Taimiyah, kanggo nyuwun nasehat. Amarga kabeh nasehat kang den paringake, bakal gawe leganing ati, njembarake jiwa, nguwatake keyakinan, lan nenangake ruhani.”
Mugi-migi nasehat punika dados nasehat ingkang manfaati lan daos pepemut dhumateng kita sedaya.
جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ، باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
Khutbah Kaping Kalih
اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
أَمَّا بَعْدُ؛
فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، وَأَحُثُّكُمْ عَلَى طَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحًمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ اْلقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: ((يَاأَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ)).
وَقَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: ((اتَّقِ اللَّهِ حَيْثُمَا كُنْتَ وَأَتْبِعْ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ)).
صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ، وَصَدَقَ رَسُوْلُهُ النَّبِيُّ الْكَرِيْم، وَنَحْنُ عَلَى ذلِكَ مِنَ الشَّاهِدِيْنَ وَالشَّاكِرِيْن؛ وَالْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
((إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا))
اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْياَءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَقَاضِيَ الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِين
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار
عِبَادَ اللهِ! إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ، فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ