NJAGA HAK LAN KEWAJIBAN MARANG TANGGA TEPARO ING ISLAM
Dening: Ust. Denis Arifandi Pakih Sati, Lc. M.H.
(Bidang Pelatihan dan Dakwah, PW Ikadi DIY)
Nyalin Basa: Ust. Isnan Abadi, S.Pd., M.Pd.
(PD Ikadi Sleman, PW Ikadi DIY)
Download PDF Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:
Download MS Word Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَان، وَنَهَى عَنِ الْقَطِيْعَة وَالْعُدْوَان، سُبْحَانَهُ أَمَرَ بِالْإِحْسَانِ إِلَى الْجَار، وَحَذَّرَهُمْ مِنَ الْأَذَى وَالْعَار.
وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إلَهَ إلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَه، وَعَدَ الْمُحْسِنِيْنَ بِالثَّوَابِ فِي دَارِ الْقَرَار، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُه، قُدْوَةَ الْمُتَّقِيْنَ وَإِمَامَ الْأَبْرَار، فَصَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.
أَمَّا بَعْد؛
فَياَ عِبَادَ الله، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى الله فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُون، قَالَ تَعَالَى: ((يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ))
Jamaah Jumat rahimakumullah,
Wonten werni tiga kabetahan pokok saben manungsa, inggih menika sandhang, pangan lan papan. Ingkang dipun maksud papan inggih menika griya ingkang saget kagem ngeyup, kagem ngaso, sare lan pirembagan sareng-sareng keluarga. Mboten menapa menawi griya menika taksih prasoja utawi kahananipun taksih ngontrak. Menawi saget tumbas, menika langkung sae malih. Ananging, wonten setunggalipun babagan ingkang kedah kita gatosaken; inggih menika bab milih tetanggi. Pangendikanipun piyantun Arab “al-Jār Qabla ad-Dār”, ingkang artosipun tangga teparo rumiyin sakderengipun griya. Amargi punapa? Amargi krasan lan mbotenipun kita wonten griya kita, gumantung kaliyan kados pundi tangga teparo kita. Menawi tangga teparo sae, kita badhe krasan lan nyaman. Menapa malih menawi tangga teparo kita sampun kados sederek piyambak, menika dados nikmat ingkang linangkung. Kosokwangsulipun, menawi tangga teparo kita kirang sae, culika lan mboten jujur, panggesangan kita kraos kados wonten ing neraka, mboten krasan lan wonten raos pingin enggal-enggal pindah.
Wonten ing khutbah menika, kita badhe ngandharaken kados pundi fadhilahipun tumindak sae dhumateng tangga teparo wonten ing agami Islam, punapa hak-hak tetanggi ingkang kedah kita tindakaken, lan punapa maknanipun tetanggi wonten ing agami Islam.
Jamaah Jumat rahimakumullah,
Perkawis hak tetanggi dados salah setunggaling perkawis ingkang ageng wonten ing agami Islam. Jibril ‘alaihissalam asring paring pitutur dhumateng Rasulullah Saw wonten ing bab tetanggi menika. Ngantos-ngantos Rasulullah menggalih Jibril badhe ndadosaken tetanggi menika dados ahli waris tetangginipun. Rasulullah Ngendika,
مَا زَالَ يُوصِينِي جِبْرِيلُ بِالْجَارِ، حَتَّى ظَنَنْتُ أَنَّهُ سَيُوَرِّثُهُ
“Jibril tansah paring pitutur ing bab tetanggan, nganti aku ngira menawa saben tangga bakal marisi tanggane” (H.r. Muttafaq ‘alaih)
Perkawis menika, ugi dipun jelasaken wonten ing al-Quran al-Karim,
وَاعْبُدُوا اللَّهَ وَلَا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا ۖ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا وَبِذِي الْقُرْبَىٰ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينِ وَالْجَارِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالْجَنْبِ وَابْنِ السَّبِيلِ وَمَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالًا فَخُورًا
“Sembahen Allah lan aja sira nyekuthaake Allah marang samubarang. Lan tumindak becika sira marang bapa lan ibumu, karib-kerabatmu, bocah-bocah yatim, wong-wong miskin, tangga sing celak lan tangga sing adoh, lan kanca kerja, wong-wong musafir lan budakmu. Sejatine Allah ora seneng marang wong-wong kang gumedhe lan ngunggul-ngunggulake pribadine.” (Q.s. An-Nisa`: 36).
Nabi Muhammad Saw ngersaaken umatipun supados tumindak becik lan mulyaaken dhateng tetangginipun, kados wonten dhawuhipun,
وَمَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ فَلْيُكْرِمْ جَارَهُ
“Sapa kang iman marang Allah SWT lan dina kiamat, supaya mulyaake tanggane.” (H.r. Muttafaq ‘alaih).
Langkung-langkung, tumindak becik marang tangga teparo menika dados salah setunggaling bagian saking keimanan wonten ing Islam, kados pangendikanipun Rasulullah saw,
وَالَّذِي نَفْسِي بِيَدِهِ لَا يُؤْمِنُ عَبْدٌ حَتَّى يُحِبَّ لِجَارِهِ أَوْ قَالَ لِأَخِيهِ مَا يُحِبُّ لِنَفْسِهِ
“Demi Dzat kang jiwaku ana ing genggemane, ora iman sawijining manungsa nganti dheweke tresna marang tanggane kaya dheweke tresna marang dhiri pribadine.” (H.r. Muslim).
Piyantun ingkang tumindak sae kaliyan tangganipun kalebet piyantun ingkang paling sae ing ngersanipun Allah SWT. Dipun ngendikaaken wonten setunggaling hadis,
خَيْرُ الْأَصْحَابِ عِنْدَ اللَّهِ خَيْرُهُمْ لِصَاحِبِهِ وَخَيْرُ الْجِيرَانِ عِنْدَ اللَّهِ خَيْرُهُمْ لِجَارِهِ
“Sak apik-apike sedulur ing ngersane Allah SWT yaiku wong kang paling apik marang sedulure. Lan sak apik-apike tangga ing ngersane Allah SWT yaiku wong kang paling apik marang tanggane.” (H.r. At-Tirmidzi).
Jamaah Jumat rahimakumullah,
Lajeng sinten ingkang dipun maksud tetanggi wonten ing Islam? Ingkang dipun maksud kaliyan tangga teparo inggih menika piyantun ingkang wonten ing kiwa tengen griya kita, sae Muslim utawi non-Muslim. Pangertosan tangga teparo wonten ing kalangan ulama kathah sanget. Ananging pangertosan ingkang paling tepat inggih menika ingkang cocok kaliyan ‘Urf utawi adat lan kebiasaan ingkang lumampah ing tengahing masyarakat. Artosipun, menawi ing masyarakat Ngayogyakarta pangertosan tangga teparo meniko setunggal RT, pramila menika maknanipun. Benten budayanipun, benten ugi anggenipun paring pangartosan.
Wonten ing Islam, tetanggi menika ugi gadhah tingkatan ingkang benten-benten, cocok kaliyan caket tebihipun. Hak antawisipun ingkang setunggal kaliyan sanesipun, ugi benten-benten cocok kaliyan tingkatanipun. Wonten tetanggi Muslim ingkang taksih wonten sambet pasedherekan. Wonten tetanggi non-Muslim ingkang taksih wonten sambet pasedherekan. Semanten ugi wonten tetanggi non-Muslim ingkang mboten kagungan sambet pasederekan.
Wonten ing padatan, hak kaliyan tetanggi menika sami sedayanipun. Ananging, menawi dipun tambah kaliyan sambet kekerabatan lan akidah, pramila hakipun dados tambah ageng.
Wonten piyantun ingkang kagungan pemanggih bilih tetanggi menika namung piyantun ingkang griyanipun wonten ing celakipun kemawon. Pemanggih menika wanci mboten lepat, ananging ugi mboten leres sedayanipun. Amargi pangertosan tetanggi langkung wiyar saking menika. Kathah wujud sanesipun ingkang kalebet wonten ing pangertosan tetanggi, kadosta wonten tetanggi ing pakaryan, tetanggi ing pasar, tetanggi ing sawah, tetanggi ing sekolahan, kuliah, lan sanes-sanesipun.
Jamaah Jumat rahimakumullah,
Tetanggi kita kagungan hak ingkang kathah. Kita badhe ngaturaken pinten-pinten hak tetanggi kita, ing antawisipun:
- Njawab salam lan nindaki undanganipun
Sejatosipun kalih perkawis menika dados hak umum ing antawisipun kaum muslimin. Ananging menawi ingkang uluk salam menika tetanggi kita, pramila kewajibanipun langkung kiyat. Semanten ugi perkawis nindaki undangan. Menawi ingkang ngundang menika tetanggi kita, pramila kagem nindaki undangan menika temtu langkung wajib. Lan temtu mboten sae menawi tetanggi kita kagungan hajat, lajeng kita mboten nindaki, mboten paring pambiyantu lan namung wonten griya kemawon.
- Mboten damel sakitipun tetanggi
Perkawis menika dados salah satunggaling hak ingkang ageng wonten ing pagesangan kaliyan tetanggi. Menawi perkawis menika dipun haramaken kagem piyantun sanesipun, pramila dhumateng tetanggi temtu langkung ageng keharamanipun. Nabi sampun wanti-wanti perkawis meniko wonten ing hadisipun. Rasulullah ngendika, “Demi Allah, ora iman. Demi Allah, ora iman. Demi Allah, ora iman.” Para sahabat sami nyuwun pirsa: “Sinten dhuh Rasulullah?” Rasulullah ngendika,
الَّذِي لاَ يَأْمَنُ جَارُهُ بَوَايِقَ
“Wong kang tanggane ora rumangsa aman sangka tumindak-tumindak alane.” (H.r. Al-Bukhari)
Wonten salah setunggaling sahabat ingkang matur dgateng Rasulullah Saw, “Dhuh Rasulullah, Fulanah nindaaken shalat saben ndalu lan pasa saben dinten. Ananging lisanipun damel sakit tetangginipun.” Rasulullah ngendika,
لاَ خَيْرَ فِيْهَا، هِيَ فِي النَّارِ
“Ora ana kabecikane. Deweke ing Neraka.” (H.r. Ahmad)
- Sabar ngadepi tumindak awonipun tetanggi
Ingkang nomer tiga menika namung saget dipun lampahi kaliyan piyantun-piyantun ingkang kagungan pakurmatan dhir lan budi ingkang inggil. Kathah piyantun ingkang saget meper dhiri pribadinipun supados mboten damel sakitipun piyantun sanes, ananging kagem tumindak sabar lan ikhlas nampi tumindak awon sangking tetangginipun, dados setunggaling perkawis ingkang awrat lan mboten gampil. Allah SWT ngendika wonten Q.S. Al-Mu’minun ayat 96,
ادْفَعْ بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ السَّيِّئَةَ ۚ نَحْنُ أَعْلَمُ بِمَا يَصِفُونَ
“Tampiken tumindak alane deweke kanthi perkara kang luwih becik. Ingsun luwih mangerteni apa kang deweke sifatake.” (Q.s. Al-Mu`minun: 96).
Wonten ing ayat sanesipun dipun jelasaken,
وَلَمَنْ صَبَرَ وَغَفَرَ إِنَّ ذَٰلِكَ لَمِنْ عَزْمِ الْأُمُورِ
“Ananing wong kang sabar lan menehi pangapura, sejatine (tumindak) kang mengkono iku kalebu perkara-perkara kang den utamaake.” (Q.s. Asy-Syura: 43).
Hasan al-Bashri ngendika: “Kelawan tangga becik iku dudu ora gawe larane wong liyane. Kelawan tangga becik yaiku tumindak sabar ngadepi tumindak ala wong liyane.”
- Ngaruhaken kahananipun sarta nglaksanaaken hajatipun.
Rasulullah saw. ngendika:
لَيْسَ الْمُؤْمِنُ الَّذِي يَبِيتُ شَبْعَانَ وَجَارُهُ طَاوٍ
“Ora kalebu wong kang iman, wong kang turu kanti wareg, ananging tanggane ngelih.” (Hr. Al-Bazzar).
Piyantun-piyantun ingkang shalih ing jaman rumiyin tansah ngaruhaken kahanan tetangginipun lan tansah ngudi daya saget nglaksanaaken hajat tetangginipun. Para sahabat biasanipun remen maringi hadiah dhateng tetangginipun, lajeng tetangginipun paring hadiah ugi dateng tetanggi sanesipun, ngantos kedadosan setunggaling hadiah menika wangsul malih kanthi utuh dhumateng sahabat ingkang paring hadiah sepisanan. Masya Allah.
Setunggaling wekdal, Abdullah bin Umar Radhiyallahu anhu mragat setunggaling domba, lajeng panjenenganipun ngendika marang budakipun: “Menowo sira nyembelih, mangka sira miwiti mbagi sangka tangga kita sing Yahudi.” (H.r. Al-Baihaqi dalam Syu’ab al-Iman)
Setunggaling wekdal, Aisyah Radhiyallahu anha nyuwun pirsa dhumateng Nabi Muhammad Saw: “Kula nggadhahi kalih tetanggi. Sinten ingkang paling kagungan hak kula caosi hadiah?” Rasul ngendika,
إِلَى أَقْرَبِهِمَا مِنْكِ بَابً
“Marang tangga kang lawange paling cerak sangka ira.” (H.r. Al-Bukhari).
- Nutupi aib tetanggi lan anjagi pakurmatanipun.
Perkawis menika ugi dados salah setunggaling hak ingkang ageng ingkang mboten kalah pentingipun kaliyan ingkang sanes. Rikala gesang kelawan tetanggi, kita badhe mangertosi tumindak/perkawis awonipun. Pramila, tugas kita inggih menika anjagi pakurmatanipun lan nutupi aibipun. Ampun ngantos nyebaraken dhateng piyantun sanes, utawi dipun dadosaken guyonan lan sanes-sanesipun.
Mugi-mugi Allah ta’ala maringaken taufik dhumateng kita sedaya kagem mulyaaken tetanggi kita lan maringaken hak-hakipun tetanggi kita. Aamiin Yaa Rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْم، وَنَفَعَنِىْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآياَتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْم، وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْم.
أَقُوْلُ قَوْلِي هذَا، وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الغَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَات، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم.
Khutbah Kaping Kalih:
اَلْحَمْدُ لله ِالَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ، وَكَفَى بِاللهِ شَهِيْدًا.
وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهَ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَه، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَوْم الْقِيَامَة.
أَمَّا بَعْد؛
فَيَا عِبَادَ اللهِ، اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: ((يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ))
((إِنَّ ٱللَّهَ وَ مَلٰٓئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى ٱلنَّبِيِّ، يٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا))
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ.
اللَّهُمَّ انْصُرْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ النَّاصِرِيْنَ، وَافْتَحْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْن، وَاغْفِرْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْغَافِرِيْن، وَارْحَمْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْن، وَارْزُقْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الرَّازِقِيْن، وَاهْدِنَا وَنَجِّنَا مِنَ الْقَوْمِ الظَّالِمِيْنَ وَالْكَافِرِيْنَ.
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
أَقِيْمُوا الصَّلاَةَ.