YAKIN RIKALA SEDAYA URUSAN KARAOS AWRAT
Oleh: Ust. Ahmad Sumiyanto, M.SI
(Majelis Syuro PW Ikadi DIY)
Nyaling Basa: Ust. Yoyon Paryono, S.Pd
(PD Ikadi Sleman, DIY)
Download PDF Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:
Download MS Word Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ فَرَّجَ هَمَّ الْمَهْمُوْمِيْن، وَنَفَّسَ كَرْبَ الْمَكْرُوْبِيْن، وَقَضَى الدَّيْنَ عَنِ الْمَدِيْنِيْن.
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَه، رَبُّ الْخَلَائِقِ أَجْمَعِيْن، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه، قُدْوَةُ الْمُؤْمِنِيْنَ الصَّابِرِيْن، وَإِمَامُ الْغُرِّ الْمُحَجَّلِيْن.
اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُم إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
أَمَّا بَعْدُ؛
فَيَا عِبَادَ الله، اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: ((يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ))
Ma’asyiral muslimin jamaah shalat Jumat rahimani wa rahimakumullah
Allah sampun netepaken bilih donya menika panggenan ujian kangge manungsa. Mboten wonten ingkang selamet saking ujian Allah. Sae pemimpin utawi rakyat biasa, tiyang sugih utawi mlarat, kuat utawi ringkih, mukmin utawi kafir. Sedaya tiyang tanpa cicir badhe angsal ujian saking Allah. Ugi para nabi nuninjih nampi ujian saking Allah. Contonipun Nabi Adam dipun uji kaliyan woh Khuldi. Nabi Nuh dipun uji kaliyan putra ingkang mboten dherek dhawuhipun. Nabi Musa dipun bucal rikala bayi, lan rikala dewasa dipun tundhung saking panggenan aslinipun dangunipun sedasa tahun. Nabi Yusuf dipun bucal wonten ing sumur sahingga pisah saking keluarganipun ngantos mapinten-pinten tahun. Panjenganipun ugi ngraosaken sumpeking kunjara amardi dipun fitnah tumindak ingkang mboten nate katindakaken. Sedaya manungsa tartamtu angsal ujian saking Allah SWT, amargi donya menika Darul Bala’, negeri ujian. Allah ngendika,
الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا وَهُوَ الْعَزِيزُ الْغَفُورُ
“Allah sing nyiptakake mati lan urip kanggo nguji marang sira, sapa ing antaranira sing luwih apik amale. Allah Maha Prakosa lan Maha Paring ngapura. ” (Q.s. Al-Mulk: 1)
Allah ugi ngendika,
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِنَ الْأَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ
“Lan Ingsun mesti arep nguji sliramu kelawan rasa wedi, ngelih, kekurangan bandha, jiwa, lan woh-wohan. Lan padha wenehana kabar nyenengake kanggo wong kang padha sabar.” (Q.s. Al-Baqarah: 155).
Ujian lan coban ing dalem gesang saget awujud kelonggaran lan kenikmatan, ananging ugi arupi kesempitan lan musibah. Wonten ingkang nampi ujian badan sehat wonten ugi ingkang nandang penyakit. Saperangan wonten ingkang dipun paringi banda, sugih lan ugi wonten ingkang kekirangan. Wosipun sedaya kahanan ingkang kita tampi menika ujian saking Allah SWT. Wonten ing ngadhepi ujian ingkang arupi kenikmatan, satunggaling tiyang kaanggep lulus ujian menawi saget syukur lan ngginakaken kenikmatan menika cocok kaliyan dhawuhipun Allah lan wontenig ngibadah dhateng Allah. Lan wontening ngadhepi musibah satunggaling pawongan dipun anggep lulus menawi sabar lan tetep nindaki syariatipun Allah. Allah ngendika,
وَنَبْلُوكُمْ بِالشَّرِّ وَالْخَيْرِ فِتْنَةً وَإِلَيْنَا تُرْجَعُونَ
“Ingsun arep nguji kowe kabeh karo ke-elekan lan keapikan dadi coban sing sak nyatane. Lan amung karo Ingsun sira padha dibalikake.” (Q.s. Al-Anbiya’: 35)
Ma’asyiral muslimin jamaah shalat Jumat rahimani wa rahimakumullah
Kathah tiyang ingkang kuwawa rikala ngadhepi ujian ingkang awujud kenikmatan. Ananging wonten ugi ingkang gagal. Mekaten ugi ingkang ngadhepi ujian musibah. Kathah ingkang mboten sabar lan wonten ugi ingkang tetep tatag. Piyambakipun ingkang mboten sabar kaliyan musibah saget ugi mlokro saking rohmatipun Allah, piyambakipun ngraos mboten kuwawa lampah napa-napa, sahingga kecalan panggayuh wening. Tartamtu menika tumindak ingkang lepat. Lan tumindak menika sanes tumindakipun piyamtun ingkang yakin dhumateng Allah pangeranipun. Allah ingkang njagi lan ngatur sedaya Alam. Allah ingkang wiar sanget rahmatipun. Amargi satungalingipun tiyang mukmin tartamtu gadhah kapitadosan dhumateng janjinipun Gusti Allah, wontenig ujian mesti wonten hikmah lan kasaenan ingkang kathah. Lan ugi margi kangge ngudhari saking ujian kala wau wontening wekdal ingkang cepak. Allah Ta’ala ngendika,
فَإِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا إِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا
“Mangka saktemene bebarengan kesulitan kuwi ana kepenake. Saktemene bareng karo kangelan iku ana kepenake.” (Q.s. Al-Insyirah: 5-6)
Kagem mahami kalih ayat menika, kita kedah nyuwun pirsa ulama ingkang supados paham. Wonten mapinten bab ingkang dipun njelasaken para ulama, ing antawisipun:
Sepisan; Tembung “al-‘Usr” (kesulitan) ingkang dipun ambali kaping kalih nedahaken bilih namung wonten satunggal kesulitan. Ananging tembung “Yusra” ingkang diambal kalih nedahaken wonten kalih kegampilan. Amargi wonten perbedaan anggen ngginakaken tembung. Tembung “al-’Usr” dipun awali “al” ingkang nedahaken bilih “al-’Usr” ingkang kaping kalih inggih menika sami kaliyan “al-’Usr” ingkang awal. Amargi wonten basa Arab Tembung Aran ingkang dipun awali “al” dipun sebat Isim Ma’rifah, ingkang nggadhahi maksud setunggalipun bab ingkang khusus ingkang sami dipun mangertosi dening ingkang ngendika punapa ingkang mireng. Penggunaanipun meh sami kaliyan “The” wonten ing Basa Inggris. Mila saking menika kesulitan ingkang dipun maksud wonten ing ukara sepisan inggih menika sami kaliyan ukara ingkang kalih.
Benten kaliyan tembung “Yusra” ingkang dipun ambali kaping kalih. Bentukipun ukara Nakirah, ingkang maknanipun setunggaling bab ingkang mboten tentu. Penggunaanipun mirip kaliyan “a” atau “an” wonten basa Inggris. Wonten ayat menika “Yusra” ingkang sepisan lan nomor kalih sami sami ngginakan bentuk Nakirah. Menika nedahaken bilih kemudahan ingkang sepisan benten kaliyan kemudahan ingkang kaping kalih.
Mila saged dipun simpulaken bilih wonten setunggal kesulitan ingkang dipun sambut kaliyan kalih kemudahan wonten ayat menika. Mila para ulama ngendikaaken: “Satunggal kesulitan mboten badhe kuwawa ngalahaken kalih kemudahan.” Ingkang artosipun bilih wonten ing kesulitan menika mesti wonten kemudahan ingkang kathah.
Mila Mekaten mangga menawi kita nampi kesulitan kedah tenang lan tetep wonten ing nglampahi dhawuhipun Allah. Amargi yakin dhateng pitulunganipun Allah ingkang langkung kathah menika.
Kaping kalih; wontening kesulitan, mesti wonten kemudahan ingkang celak. Wonten ayat nginggil dipun ginakaken tembung “Ma’a” ingkang makna “sesarengan”. Artosipun kemudahan badhe tetep sesarengan kaliyan kesulitan. Mila saking menika para ulama asring nggambaraken, “Seumpami kesulitan menika mlebet bolongan ingkang menggak-menggok lan sempit, kemudahan badhe ndherekaken mlebet bolongan wau lan badhe ngedalaken kesulitan wau.” Mila kita yakin bilih kemudahan mesti badhe wonten rikala nampi kesulitan.
Wonten ayat sanes, Allah Ta’ala paring janji bilih saben kesulitan badhe dipun kantheni kaliyan kemudahan. Pangandikanipun Allah,
سَيَجْعَلُ اللَّهُ بَعْدَ عُسْرٍ يُسْرًا
“Allah arep maringi kelapangan sakwise kesempitan.” (Q.s. Ath-Thalaq: 7)
Para ahli tafsir kados Ibnu al-Jauzi lan Asy-Syaukani nyerat wonten tafsiripun, “Saksampunipun kesempitan lan kesulitan, mesti badhe wonten kemudahan lan kelapangan.” Ibnu Katsir ugi mengdikaaken, ”Janji Allah iku pasti lan ora mungkin Allah mblenjani”
Wonten ing mriki , Nabi Shallallahu ‘alaihi wa sallam ugi ngendika,
وَأَنَّ النَّصْرَ مَعَ الصَّبْرِ وَأَنَّ الْفَرَجَ مَعَ الْكَرْبِ وَأَنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا
“Kemenangan iku bareng karo kesabaran, kelapangan bareng kesempitan lan kesulitan bareng karo kemudahan.” (H.r. At-Tirmidzi)
Ma’asyiral muslimin jamaah shalat Jumat rahimani wa rahimakumullah
Kagem piyantun ingkang mukmin, kesulitan ingkang dipun alami nedahaken bilih kemudahn badhe age-age dhateng. Liripun kadis pundi? Ibnu Rajab menjelasaken, “Menawi kesempitan menika raosipun sulit lan awrat sanget, mila tiyang badhe ngginakaken manahipun kangge tawakkal dhumateng Allah SWT. Tawakkal menika ingkang dados sebab paling ageng anggenipun medal saking kesulitan ing dipun adhepi. Amargi Allah sampun janji badhe nyekapi tiyang ingkang tawakkal. Kadis Allah Ta’ala ngendika,
وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُ
“Lan sapa wae sing tawakkal karo Allah mesthi Allah bakal nyukupake kebutuhane.” (Q.s. Ath-Thalaq: 3).
Menika rahasia ingkang sebagian kita mungkin dereng mangertos. Bilih kesulitan lan musibah wajibipun mbekta manungsa tumuju tawakkal dhumateng Allah. Piyambakipun badhe nggantungaken sedaya jiwa dan raganipun namung dhumateng Allah. Raos gumantung dhumateng Allah mukul. Sikap gumedhe lan takabbur badhe sirna. Wonten ing wekdal, menika Allah badhe nurunaken rahmat lan margi medal saking masalah lan kesulitan. Saget dipun simpulaken bilih tawakkal ingkang dados sebab paling ageng pawongan saged medal saking kesulitan lan kesempitan.
Mugi Allah paring bimbingan dhumateng kita wonten ing panggesangan menika, sahingga kita waget nggadhepi sedaya coben lan ujian saking Allah. Amin Ya Rabbal Alamin.
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْن، وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَفِ الأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْن، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ.
((يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا))
أَمَّا بَعْدُ؛
((إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً))
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَات.
اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِك، مُثْنِينَ بِهَا عَلَيْك، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا
رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّاب.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ