fbpx

IkadiDIY.com

Materi Khutbah Jumat Ikadi Edisi 265, 6 Agustus 2021 Bahasa Jawa: WONG IMAN BAKAL BEJA MULYA

WONG IMAN BAKAL BEJA MULYA

Dening: Ustadz Lasiman
(PD Ikadi Sleman, DI Yogyakarta)

 

 

Download PDF Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:

Download MS Word Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:

 

 

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْن، أَمَرَ بِالْاِسْتِمْرَارِ عَلَى الطَّاعَاتِ حَتَّى الْمَمَات، وَضَاعَفَ ثَوَابَ الْحَسَنَات، لِيَنَالَ بِهِ الْمُؤْمِنُ الْمَنْزِلَةَ الْعُلْيَا مِنَ الْجَنَّات.

وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ فِيْ رُبُوْبِيَّتِهِ وَأُلُوْهِيَّتِهِ وَمَا لَهُ مِنَ الْأَسْمَاءِ وَالصِّفَات، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه، كَانَتْ كُلُّ حَيَاتِهِ طَاعَات، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ ذِي الْمَنَاقِبِ وَالْكَرَامَات، وَمَنِ اقْتَدَى بِهِمْ بِالتَّحَّلِّيْ بِكَرِيْمِ الصِّفَاتِ وَجَمِيْلِ السِّمَات، وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً كَثِيْرًا.

وَبَعْدُ؛

فَيَا عِبَادَ الله، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: ((يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ))

 

Langkung rumiyin kita aturaken puji syukur, pangalembana dhumateng Allah Swt. ingkang sampun kathah paring nugraha saha kenikmatan dhumateng kita sedaya, sahingga kita saget nindaaken saweneh dawuhipun Allah nun injih ibadah Jumat ing siang punika.

 

Shalawat saha salam mugi tetep kaparingna dhumateng junjungan kita kanjeng Nabi Agung Muhammad saw., dhumateng keluarga, sahabat, saha penderekipun ingkang sampun saestu mbudidaya nindaaken dhawuhipun saha nilaraken awisanipun.

 

Jamaah Jumat ingkang dipun mulyaaken Allah Swt.,

Minangka Khotib ing wekdal menika, kula caos pemut lan ajak-ajak ingkang mligi kagem kula pribadi, sumrambahipun dhumateng jamaah sedaya; sumangga kita tansah ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah Swt.

 

Jamaah Rahimakumullah,

Sedaya manungsa ingkang wonten alam ndhonya menika tentu gadhah gegayuhan supados gesangipun manggih kabejan lan kamulyan, sae rikala gesang ing ndhonya, langkung-langkung rikala gesang ing akhirat mbenjang.

 

Supados gegayuhan kala wau saget kasembadan, wonten ing agami Islam, Allah Swt. paring dhawuh supados kita sedaya dados piyantun ingkang iman lan nindaaken kesaenan wonten madyaning masyarakat.

 

Dhawuhipun Allah Swt. wonten ing Surat al-Ashr ayat 1-3,

 

وَالْعَصْرِ (١) إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ (٢) إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ (٣)

“Demi wektu. Saktemene menungsa iku ana kahanan kang rugi.
Gejaba wong kang padha iman lan tumindak becik, lan padha ling-tinilingan
bab kang bener lan kanthi sabar.”
(Q.s. Al-Ashr: 1-3)

 

Wonten ayat menika Allah paring piwucal saweneh cara supados manungsa pikantuk keslametan ndhonya lan akhirat; nun injih kanthi iman dhumateng Allah minangka dasar panggesangan wonten ndhonya. Sak sampunipun iman, kalajengaken kanthi amal salih, awujud kesaenan-kesaenan ingkang badhe dipun tampi ganjaranipun ing akhirat. Sak sampunipun menika, suka pemut tumindak sae kanthi sabar. Ingkang maknanipun ngajak piyantun sanes tumindak sae lan ndakwahaken agami Islam wontening jagad. Imam Ibnu Al-Jauzi nerangaken wonten ing tafsir Zad Al-Masir, “Sakteme menungsa, umpama diparingi umur dawa ing ndhonya, tetep sajroning ringkih lan kurang, gejaba wong kang iman, amarga tinulis ganjaran kang wus ditindaake rikala enom  lan rikala deweke sehat.”

 

Pramila, estu beja dados piyantun ingkang iman. Imanipun dhateng Allah ndadosaken pikantuk kamulyan saking Ngarsa Dalem Allah Swt.

 

Rasululllah paring dhawuh,

 

قَدْ أَفْلَحَ مَنْ أَسْلَمَ وَرُزِقَ كَفَافًا وَقَنَّعَهُ اللَّهُ بِمَا آتَاهُ

“Temen bakal beja wong kang lumebu Islam, diparingi rezeki kang cukup lan Allah ndadeake sifat qona’ah amarga nikmat kang tinampa saka ngarsane Gusti.”
(H.r. Muslim)

 

Jamaah Rahimakumullah,

Malah Allah Swt. ugi kanthi terang terwaca lan cetha wela-wela paring dhawuh wonten Surat Al-Mukminun ayat 1-5 lan ayat 8-11 badhe paring nugraha wujud suwarga Firdaus dhumateng piyantun mukmin ingkang nindaaken mapinten-pinten kesaenan. Allah Swt. ngendika,

 

قَدْ أَفْلَحَ الْمُؤْمِنُونَ (١) الَّذِينَ هُمْ فِي صَلَاتِهِمْ خَاشِعُونَ (٢) وَالَّذِينَ هُمْ عَنِ اللَّغْوِ مُعْرِضُونَ (٣) وَالَّذِينَ هُمْ لِلزَّكَاةِ فَاعِلُونَ (٤) وَالَّذِينَ هُمْ لِفُرُوجِهِمْ حَافِظُونَ (٥) إِلَّا عَلَى أَزْوَاجِهِمْ أَوْ مَا مَلَكَتْ أَيْمَانُهُمْ فَإِنَّهُمْ غَيْرُ مَلُومِينَ (٦) فَمَنِ ابْتَغَى وَرَاءَ ذَلِكَ فَأُولَئِكَ هُمُ الْعَادُونَ (٧) وَالَّذِينَ هُمْ لِأَمَانَاتِهِمْ وَعَهْدِهِمْ رَاعُونَ (٨) وَالَّذِينَ هُمْ عَلَى صَلَوَاتِهِمْ يُحَافِظُونَ (٩) أُولَئِكَ هُمُ الْوَارِثُونَ (١٠) الَّذِينَ يَرِثُونَ الْفِرْدَوْسَ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ (١١)

“Temen bakal beja wong-wong kang padha iman. Yaiku, wong-wong kang padha khusuk anggone shalat. Lan wong-wong kang padha ninggalake (tumindak lan omongan) kang ora piguna. Lan wong-wong kang padha nindaake zakat. Lan wong-wong kang padha njaga marang farjine. Gejaba marang para istrine, utawa batur tukon kang didarbei. Sakteme deweke ora cinacat (amarga ngumpuli). Mula kang sapa golek (ngumbar syahwat) ing sakliyane, deweke klebu wong-wong kang ngluwihi wates. Lan wong-wong kang bisa njaga amanah lan janjine. Lan wong-wong kang bisa njaga marang shalate. Wong-wong iku kang bakal nampa warisan. Kang bakal marisi suwarga Firdaus lan langgeng mapan ing kana” (Q.s. Al-Mu’minun: 1-11)

 

Wonten ayat-ayat menika Allah Swt. nerangaken kriteria utawi syarat piyantun-piyantun iman ingkang badhe pikantuk suwarga Firdaus. Wonten amalan ingkang kedah dipun tindaaken saweneh tiyang kagem nggayuhipun, injih menika: njagi shalat lan khusyuk anggenipun nindaaken, nindaaken zakat, njagi farji, netepi amanah lan janji, sarto nilaraken bab ingkang muspra lan mboten piguna. Sok sinten piyantun ingkang saget nindaaken, Allah njanjeaken badhe nglebetaken ing suwarga Firdaus; nun injih suwarga paling inggil papanipun Rasulullah saw. lan para Nabi saha piyantun-piyantun ingkang salih.

 

Pramila menika, rikala ayat menika tumurun Rasulullah saw. ngendika,

 

أُنْزِلَ عَلَيَّ عَشْرُ آيَاتٍ مَنْ أَقَامَهُنَّ دَخَلَ الْجَنَّةَ ثُمَّ قَرَأَ ((قَدْ أَفْلَحَ الْمُؤْمِنُونَ)) حَتَّى خَتَمَ عَشْرَ آيَاتٍ

Saktemene wus tumurun marang aku sepuluh ayat, kang sapa bisa nindaake, mula deweke mlebu suwarga.” Sak lajengipun, Rasulullah saw. maos dhawuhipun Allah Swt., “Saktemene wus beja wong-wong kang iman (Surat Al Mukminun: 1) ngantos pungkasan ayat sedasa.” (H.r. At-Tirmidzi, Ahmad lan al-Hakim).

 

Pungkasannipun, mugi Gusti paring pangertosan lan kekiatan kagem nindaaken dhawuhipun saha paring kekiatan kagem nilaraken pepacuhipun lan nebihaken saking pasiksanipun. Aamiin Ya Rabbal’ Alamin

 

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَإِيَّاكُمْ بِماَ فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْم.

 

Khutbah Kaping Kalih:

 

اَلْحَمْدُ لله عَلَى إِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِه، وَأَشهَدُ أَن لا إِلَهَ إِلا اللَّهُ

وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِه، وأَشهدُ أنَّ نَبِيَّنَا مُحمَّدًا عَبدُهُ وَرَسُولُهُ الدَّاعِي إِلى رِضْوَانِه. أَمَّا بَعْدُ؛

فَيَا عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ التَّقْوَى، وَأَطِيْعُوْهُ فِي السِّرِّ وَالنَّجْوَى.

ثُمَّ صَلُّوا وَسَلِّمُوا عَلَى الْهَادِي الْبَشِيْر، وَالسِّرَاجِ الْمُنِيْر، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَاحِبِ الْفَضْلِ الْكَبِيْر. فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ:  ((إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً))

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَماَ صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إنَّكَ حَمِيْدٌ مَـجِيْد، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الْـخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْن، أَبِيْ بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيّ، وَعَنِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعَيْن، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِمَنـِّكَ وَكَرِمِكَ يَا أَكْرَمَ الْأَكْرَمِيْن.

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ، وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اْلأَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَات، وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَات.

اللَّهُمَّ آمِنَّا فِي أَوْطَانِنَا، وَأَصْلِحْ أَئِمَّتَنَا وَوُلاَةَ أُمُورِنَا.

اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ، وَاْلوَبَاءَ، وَالزَّلاَزِلَ، وَاْلمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَا خآصَّة، وَسَائِرِ بِلاَدِ اْلمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.

اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْبَرَصِ وَالْجُنُونِ وَالْجُذَامِ وَمِنْ سَيِّئْ الْأَسْقَامِ.

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْعَفْوَ وَالْعَافِيَة، وَالْمُعَافَاةِ الدَّائِمَة، فِي دِيْنِنَا وَدُنْيَاناَ وَأَهْلِنَا وَمَالِناَ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِين.

أَقِيْمُوا الصَّلَاة.

Tinggalkan Komentar