fbpx

IkadiDIY.com

Naskah Khutbah Jumat 05 November 2021 Edisi 278, Ikadi DIY, Versi Bahasa Jawa: SYUKUT DHATENG NIKMAT ISLAM

SYUKUR DHATENG NIKMAT ISLAM

Dening: Ust. Sulkhan Zainuri, Lc., M.A.
(Kabid Humas dan Organisasi, PW Ikadi DIY)

Nyalin Basa: Ust. Indra Gunawan, S.ST.
(Bendahara PD Ikadi Bantul, DIY)

 

Download PDF Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:

 

Download MS Word Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:

 

الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْن، الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ الْإِسْلَامَ لَنَا دِيِنًا، وَمُحَمَّدًا نَبِيًّا وَرَسُوْلًا، وَالْقُرْآنَ قَائِدًا وَدَلِيْلا.

أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهَ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَه، تَعَالَى عِزًّا وَجَلَالا، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه، قَضَى عُمْرَهُ لِلدَّعْوَةِ بُكْرَةً وَأَصِيْلا.

اللهم صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا مُحَمَّدٍ، خَاتِمِ أَنْبِيَائِه، وَسَيِّدِ أَصْفِيَائِه، اَلْمَخْصُوْصِ بِالْمَقَامِ الْمَحْمُود، فِي الْيَوْمِ الْمَشْهُوْد، اَلَّذِيْ جُمِعَ فِيِهْ الْأَنْبِيَاءُ تَحْتَ لِوَائِه، وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا مَزِيْدًا.

 أَمَّا بَعْد؛

فَيَا عِبَادَ الله، اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: ((يٰٓأَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ))

وَقَالَ أَيْضًا: ((أَفَمَنْ شَرَحَ اللّٰهُ صَدْرَهُ لِلْإِسْلَامِ فَهُوَ عَلٰى نُوْرٍ مِّنْ رَّبِّهِ ۗ  فَوَيْلٌ لِّلْقٰسِيَةِ قُلُوْبُهُمْ مِّنْ ذِكْرِ اللّٰهِ ۗ  اُوْلٰٓئِكَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ))

Jamaah kaum Muslimin rahimakumullah,

Sedaya puji namung kagem Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan. Antawisipun kanikmatan punika nun injih nikmat iman lan Islam ingkang kalebet nikmat Allah ingkang paling ageng. Shalawat saha salam mugi katetepna dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.

Wonten ing Surah Ibrahim ayat 7 Allah paring pangandikan,

وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ.

Lan elinga, nalika Pangeran ira paring sumurup ana ing Kitab: “Satemene manawa sira padha syukur, yekti Ingsun nambahi nikmat marang sira, dene yen sira kafir, satemene siksaningsun iku sayekti banget larane” (Q.s. Ibrahim: 7)

Ayat menika maringi keterangan supados kita tansah syukur dhateng nikmat ingkang sampun dipun paringaken dening Allah SWT. Saking kathahipun nikmat Allah SWT, kita mboten saget ngetang. Ing antawisipun nikmat ingkang kathah saking Allah nun injih nikmat iman lan Islam. Kanthi nikmat punika kita saget gesang wonten ing alam donya kanthi pitedah saking Allah. Lan kanthi nikmat punika, kita nggadhahi kasempatan ingkang ageng supados pikantuk rahmat Allah ing akhirat lan dipun bebasaken saking siksa naraka.

Kanthi panduan Islam, kita saget mangertosi kagem menapa kita dipun ciptaaken, injih menika minangka ngabdi dhateng Allah sanalika khalifah ing bumi.

 

Jamaah Jum’ah rahimakumullah,       

Lajeng, kepripun caranipun syukur dhateng nikmat Islam ingkang ageng sanget menika?

Sepisan, menghayati ke-Islaman kita bilih dados tiyang muslim menika pinangka pakurmatan ingkang ageng sanget. Allah sampun milih kita wonten atawis miliaran makhlukipun Allah kagem angsal hidayah kasebat. Mila mboten patut kita rumaos lingsem dados setunggaling tiyang Muslim. Al-Qur’an sampun mucalaken supados kita nedahi ke-Islaman kita kanthi matur: ”Isyhaduu Biannaa Muslimuun”, seksenana dening sira kabeh, kawula punika tiyang Muslim.

Dados tiyang Muslim punika sanes aib, mila mboten patut kita ndhelikaken Islam kita. Kita kedah rumaos mongkok kaliyan karunia menika. Malah Rasulullah Salllallahu ‘alaihhi wasallam -piyantun paling agung sakabehing wektu-  nyebat kita dados sedherekipun. Menika pinangka pakurmatan ingkang ageng. Rasulullah nganggep kita sedherek, kasunyatan kita dereng nate kepanggih, nanging kita tetep iman kanthi risalahipun. Wonten ing Musnad Imam Ahmad Rasulullah Salallahu’alaihi wasallam paring pangandikan:

((وَدِدْتُ أَنِّي لَقِيتُ إِخْوَانِي)) قَالَ: فَقَالَ أَصْحَابُ النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ:  أَوَلَيْسَ نَحْنُ إِخْوَانَكَ؟ قَالَ: ((أَنْتُمْ أَصْحَابِي، وَلَكِنْ إِخْوَانِي الَّذِينَ آمَنُوا بِي

 وَلَمْ يَرَوْنِي)).

Aku ngarep-arep ketemu sedulur-sedulurku.” Para sahabat lajeng mangsuli: “Punapa kita sanes sedhereke panjenengan?” Kanjeng Nabi ngendika: “Sira iku kanca-kancaku, sedulur-sedulurku yaiku wong-wong sing padha pracaya marang aku lan ora tau ketemu karo aku.” (H.r. Ahmad)

 

Jamaah kaum Muslimin rahimakumullah,     

Nomer kalih, pitados kanthi sakebaking manah bebener Islam minangka setunggal-setunggalipun agami ingkang dipun tampi dening Allah. Ngakeni bebener agami sanesipun Islam kalebet ingkar dhateng menapa ingkang sampun dipun wedharaken dening Allah wonten ing Al-Qur’an, injih menika wonten ing Surah Ali Imran ayat  19 dan 85.

إِنَّ الدِّينَ عِنْدَ اللهِ الْإِسْلَامُ

”Sanyata Agama mungguhing Allah iku mung Agama Islam.”
(Q.s. Ali Imran: 19)

وَمَنْ يَبْتَغِ غَيْرَ الإسْلامِ دِينًا فَلَنْ يُقْبَلَ مِنْهُ وَهُوَ فِي الآخِرَةِ مِنَ الْخَاسِرِينَ

”Ana dene, sapa kang ngupaya Agama saliyane Agama Islam, dheweke ora bakal ditampa dening Panjenengane Allah, Ian dheweke ana ing Akherat kalebu golongane wong kang padha kapitunan.” (Q.s. Ali Imran: 85)

 

Ing kekalih ayat punika, Allah kanthi gamblang mratelakaken bilih agami ingkang dipun tampi inggih punika Islam. Mila sintena ingkang madosi agami kejawi Islam, Allah mboten nampi. Sayyid Qutb wonten ing Tafsir Fi Dhilalil Qur’an ngendika: ”Dene tiyang ingkang mboten nampi Islam miturut menapa ingkang dikajengke dening Allah saksampunipun mangertos hakekatipun, banjur hawa nepsu katampik, banjur bakal kalebet tiyang kapitunan ing akherat, lan Allah mboten bakal paring pangapura saking siksane.”

Kaping Tiga, ngamalaken wucalan Islam kanthi lengkap ing saben aspek gesang. Islam sampun ndamel aturan kagem manungsa, sae menika wonten ing panggesangan pribadi, kaluwarga, masyarakat menapa dene panggesangan wonten negari. Mila mongkok dados tiyang Muslim lan percaya bebener Islam dereng dianggep cekap, menawi kita mboten purun manut aturan ingkang sampun Allah ta’ala tetepaken. Nalika Allah sampun nurunaken aturan, mila kita mboten gadhah pilihan kejawi namung manut lan ngetrapaken. Kados ingkang sampun dipun ngendikakaken Allah wonten ing surah Al-Ahzab ayat 36,

وَمَا كَانَ لِمُؤْمِنٍ وَلَا مُؤْمِنَةٍ إِذَا قَضَى اللهُ وَرَسُولُهُ أَمْرًا أَنْ يَكُونَ لَهُمُ الْخِيَرَةُ مِنْ أَمْرِهِمْ وَمَنْ يَعْصِ اللهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ ضَلَّ ضَلَالًا مُبِينًا

”I.an ora samestine (patut) tumrap wong-wong mukmin lanang, Ian wong-wong mukmin wadon, manawa Allah Ian utusane wus  mutusake perkara, dheweke banjur padha duwe karep dhewe milih kang dadi urusane dhewe. Sapa bae kang duraka marang Allah Ian utusane, temen dheweke wus sasar, nyata sasare!”
(Q.s. Al-Ahzab: 36)

 

Jamaah kaum Muslimin rahimakumullah,     

Kaping Sekawan, martakaken utawi ndakwahaken wucalan Islam miturut kemampuan kita. Amargi kita pitados, bilih punika margi kayekten ingkang badhe tumuju dhateng kabegjaning manungsa ing ngalam donya lan badhe nylametaken ing akhirat. Dados ing pundi kemawon kita kedah nyebaraken nilai-nilai Islam, lan ngajak tiyang-tiyang kathah supados angsal berkah ingkang ageng sanget menika. Kita sedaya nindakaken karana Allah lan miturut kemampuan kita piyambak-piyambak, sae menika mios media sosial menapa dene media sanesipun. Perkawis menika sampun cocok kaliyan welingipun Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wasallam,

«بَلِّغُوا عَنِّي وَلَوْ آيَةً»

”Aturna saka aku, senadyan mung siji ayat.” (H.r. Al-Bukhari)

 

Jamaah kaum Muslimin rahimakumullah,     

Mekaten perkawis-perkawis ingkang kedah kita leksanakaken kagem syukur dhateng nikmat Islam ingkang sampun diparingake dening Allah. Mugi-mugi, sedaya niku wau dados sarana ngokohaken raos mongkok kita minangka tiyang Muslim. Ing wusana, kita saget nampilaken nilai-nilai Islam ing saben aspek gesang kita. Wonten ing panggesangan pribadi lan panggesangan wonten ing masyarakat. Kita nindakake wucalan Islam kanthi yakin, tanpa ajrih kaliyan stigma negatif saking punapa ingkang dipun tampilaken.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْم، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيْم، وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْم، وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم.

 

Khutbah Kaping Kalih

 

اَلْحَمْدُ لله عَلَى إِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِه، وَأَشهَدُ أَن لا إِلَهَ إِلا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِه، وأَشهدُ أنَّ نَبِيَّنَا مُحمَّدًا عَبدُهُ وَرَسُولُهُ اَلدَّاعِي إِلى رِضْوَانِه.

صَلَوَاتُ رَبِّي وَسَلَامُهُ عَلَيه وَعَلَى ءَالِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأَعْوَانِه.

 أما بَعْد؛

فَيَا عِبَادَ الله، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.

((يٰٓأَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ))

ثُمَّ صَلُّوا وَسَلِّمُوا عَلَى الْهَادِي الْبَشِيْر، وَالسِّرَاجِ الْمُنِيْر، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَاحِبِ الْفَضْلِ الْكَبِيْر. فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ: ((إِنَّ اللهَ وَمَلٰٓئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يٰٓأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا))

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَماَ صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْد، وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْن، أَبِيْ بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيّ، وَعَنِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعَيْن، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِمَنـِّكَ وَكَرِمِكَ يَا أَكْرَمَ الْأَكْرَمِيْن.

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَات.

رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ.

اَللّٰهُمَّ انْصُرْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ النَّاصِرِيْن، وَافْتَحْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْن، وَاغْفِرْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْغَافِرِيْن، وَارْحَمْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْن، وَارْزُقْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الرَّازِقِيْن، وَاهْدِنَا وَنَجِّنَا مِنَ الْقَوْمِ الظَّالِمِيْنَ وَالْكَافِرِيْنَ.

اَللّٰهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَناَ الَّذِى هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَ الَّتِى فِيْهَا مَعَاشُنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِى فِيْهَا مَعَادُنَا، وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِى كُلِّ خَيْر، وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شرٍّ.

اَللّٰهُمَّ اقْسِمْ لَنَا مِنْ خَشْيَتِكَ مَاتَحُوْلُ بَيْنَنَا وَبَيْنَ مَعْصِيَتِك، وَمِنْ طَاعَتِكَ مَا تُبَلِّغُنَابِهِ جَنَّتَك، وَمِنَ الْيَقِيْنِ مَاتُهَوِّنُ بِهِ عَلَيْنَا مَصَائِبَ الدُّنْيَا.

اَللّٰهُمَّ مَتِّعْنَا بِأَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُوَّتِنَا، مَا أَحْيَيْتَنَا، وَاجْعَلْهُ الْوَارِثَ مِنَّا، وَاجْعَلْهُ ثَأْرَنَا عَلَى مَنْ عَاداَنَا، وَلاَ تَجْعَلْ مُصِيْبَتَنَا فِى دِيْنِنَا، وَلاَ تَجْعَلِ الدُّنْيَا أَكْبَرَ هَمِّنَا، وَلاَ مَبْلَغَ عِلْمِنَا، وَلاَ تُسَلِّطْ عَلَيْنَا مَنْ لاَ يَرْحَمُنَا.

رَبَنَا آتِنَا في الدُنْياَ حَسَنَةَ وفي الآخِرَةِ حَسَنَةَ وقِنَا عَذَابَ النَّار

 والْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، أَقِيْمُوا الصَّلَاة…

Tinggalkan Komentar