SIKAP KITA NALIKA NDENDONGA
Dening: Ust. Deden A. Herdiansyah, M.Hum
(Bidang Dakwah, PW Ikadi DIY)
Nyalin Basa: Ust. Dhani Asy-Syakieb, M.Pd
(PD Ikadi Bantul, DIY)
Download PDF Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:
Download MS Word Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَ عِبَادَهُ بِالدُّعَاء، وَأَسْبَغَ عَلَيْهِمُ النَّعْمَاء، وَدَفَعَ عَنْهُمُ الضَّرَّاء.
أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَه، مُجِيْبُ الدُّعَاءِ وَكَاشِفُ الْبَلَاء، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُه، كَانَ لِلْبَشَرِيَّةِ رَحْمَةٌ وَلِلْعَالَمِ ضِيَاء.
اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَن تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الِّلقَاء.
أَمَّا بَعْد؛
فَيَا عِبَادَ الله، اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: «يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ»
Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Donga menika minangka ibadah. Donga ugi pratanda keimanan salah setunggaling tiyang lan pasrah piyambakipun dhateng Gusti Allah Ta’ala. Pramila, tindak tanduk kula lan panjengan sami wonten ing lebeting donga saestu kedah dipunwigatosaken supados donga kula lan panjengan sami dipun estani dening Gusti Allah SWT.
Antawisipun tindak tanduk ingkang kedah kula lan panjengan sami gadahi sak lebeting ndonga inggih punika mboten kuciwa dateng punapa kemawon ingkang dados kersonipun Gusti Allah SWT dateng donga kula lan panjengan sami. Minangka piyantun mukmin, kula lan panjengan sami kedah pidados bilih sedaya piwales lan kersanipun Gusti Allah temtunipun badhe murakapi kasaenan. Allah Ingkang Maha Mangertosi sedaya piwales ingkang langkung sae tumrap titahipun. Dene kula lan panjengan sami mboten mangertosi punapa ingkang sejatosipun sae tumrap kula lan panjengan sami.
Rikala kula lan panjengan sami nyenyuwun punapa kemawon dhumateng Gusti Allah, ingkang miturut kula lan panjengan sami sae, ananging, panyuwunan punika saget ugi awon tumrap kula lan panjengan sami miturut Gusti Allah. Pramila, perkawis sae lan awon kedahipun miturut Gusti Allah sanes kula lan panjengan sami. Amargi, Allah SWT pinangka ingkang nggadahi kaleresan, dene kula lan panjengan sami titah wantah ingkang kathah kekirangan.
Saestu kula lan panjengan sami kedah nyaosaken wangsulan sedaya donga kula lan panjengan sami dhumateng Allah Ta’ala. Kula lan panjengan sami kedah pidados bilih Gusti Allah badhe maringaken sedaya kasaenan dhumateng kula lan panjengan sami. Wondene, kula lan panjengan sami ugi kedah pasrah nampi sedaya ketentuanipun Gusti Allah.
Saestu, donga minangka cara kita ngakeni sedaya kekirangan wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Ugi mbuktiaken bilih kula lan panjengan sami estu naming gumantung dhumateng Panjenenganipun Gusti Allah. Estu mboten wonten kekiyatan kajawi pitulunganipun lan welas asihipun Allah Ta’ala. Kanthi cara punika kula lan panjengan sami naming ngajeng-ajeng peparingipun Gusti Ingkang Maha Rahman.
Rikala kula lan panjengan sami ndonga temtu sanes kagem nyaosi daftar gegayuhan kula lan panjengan sami dhateng Allah SWT. Estu Allah Maha Mangertosi sedaya. Sakderengipun kula lan panjengan sami nyebat sedaya kekajengan lan gegayuhan punika, Allah SWT sampun mangertosi rumiyin. Sepindah malih kula lan panjengan sami ndonga, mboten kagem nyaosi priksa sedaya kekajengan lan gegayuhan kula lan panjengan sami dhumateng Allah Ta’ala. Ananging, kagem nedahaken bilih kula lan panjengan sami tansah mbetahaken lan gumantung dhumateng Gusti Allah SWT.
Kanthi pangertosan makaten, insyaa Allah kula lan panjengan sami mboten badhe kuciwa dhateng sedaya wangsulanipun Allah awit donga-donga kula lan panjengan sami. Punapa ingkang Allah paringaken lan kaliyan punapa kemawon caranipun, ampun ngantos kuciwa wonten sak lebetipun manah. Kita kedah nampi kanthi ikhlas lan ridha.
Sikap punika ingkang sampun dipunwucalaken dening para Nabi. Salah setunggalipun dipuntuladhani dening Nabi Zakariya. Piyambakipun matur dhumateng Gusti Allah wonten ing donganipun:
قَالَ رَبِّ إِنِّى وَهَنَ ٱلْعَظْمُ مِنِّى وَٱشْتَعَلَ ٱلرَّأْسُ شَيْبًا وَلَمْ أَكُنۢ بِدُعَآئِكَ رَبِّ شَقِيًّا
“Dhèwèké matur, “Dhuh Pangéran kawula, balung kawula sampun ringkih lan sirah kawula sampun awut-awutan, lan kawula boten naté kuciwa ing ndedonga dhateng Paduka, dhuh Pangéran kawula.” (Q.s. Maryam: 4).
Nabi Zakariya murwakani donganipun kanthi pangandikan bilih Nabi Zakariya mboten nate kuciwa dhateng sedaya peparing lan keputusanipun Allah. Wekdal punika, yuswanipun sampun sepuh, tosanipun sampun ringkih, rikmanipun sampun sami pethak wit uwanen. Ananging, dumugi yuswa sepuh punika Nabi Zakariya dereng pikantuk momongan. Artosipun, piyambakipun sampun nglampahi panggesangan ingkang panjang, ananging gegayuhanipun supados pikantuk momongan dereng dipun ijabahi Gusti Allah. Sinaoso makaten, piyambakipun mboten kuciwa.
Tembung “syaqi” (kuciwa) wonten ing kalih ayat kasebat, ugi sami kaliyan tembung syaqiya -yasyqa -syiqawah -syaqawah -syiqwah, ingkang artosipun kemalangan, kacilakan utawi kosok balenipun saking kabahagyan. Pramila, tembung syaqi wonte ing ayat kasebat kagungan sedaya artos punika. Nabi Zakariya lan Nabi Ibrahim mboten rumaos kuciwa, kacilakan, lan duhkita dhateng sedaya pepestanipun Gusti Allah saking donga piyambakipun sedaya. Kaping kalih ipun sampun dados tuladha ingkang ageng wonten ing perkawis unggah ungguhipun ndonga dhumateng Gusti Allah.
Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Piyantun ingkang kuciwa dhateng wangsulanipun Allah Ta’ala saking donga piyambakipun, asring piyambakipun kesupen, bilih peparingipun Allah Ta’ala langkung kathah tinimbang ingkang dipun suwunaken dhumateng Gusti Allah. Malah, kathah nikmatipun Allah Ta’ala ingkang dipun paringaken tanpa dipun suwun. Piyambakipun naming menggalihaken dhateng punapa ingkang mboten dipun gadhahi, saktengahipun kathah peparingipun, nikmat Allah ingkang dipun tampi.
Sejatosipun, mboten wonten awonipun kagem piyantun ingkang dedonga. Ananinging, naming wonten kasaenan-kasaenan kagem piyambakipun. Perkawis punika jumbuh kaliyan hadis Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam ingkang kariwayataken dening at-Tirmidzi, Ahmad lan al-Hakim. Sepisan, Donganipun dipun estoni utawi dipun kabulaken dening Allah Ta’ala. Kaping kalih, Allah mboten ngestoni donga punika wonten ing ngalam ndonya, ananging dipun dadosaken tabungan kasaenan kagem piyambakipun wonten ing akhirat. Kaping tiga, Allah badhe tebihaken piyambakipun saking sedaya perkawis awon ingkang sami kaliyan donganipun.
Pramila, kanthi makaten piyantun ingkang iman lan ngenal Allah Ta’ala kanthi sae, mboten badhe kuciwa wonten ing donganipun. Piyambakipun tansah nyuwun dhumateng Gusti Allah kanthi saestu, tansah ngasoraken ugi naming masrahaken ijabahipun Gusti Allah.
Monggo dipun gatosaken malih, donga Nabi Musa ‘alaihissalam, rikalanipun pasrah dhumateng Gusti Allah sak bibaripun pikantuk prastawa ingkang ageng wonten ing gesangipun.
رَبِّ إِنِّى لِمَآ أَنزَلْتَ إِلَىَّ مِنْ خَيْرٍ فَقِيرٌ
“Dhuh Pangéran kawula, kawula saèstu mbetahaken kasaénan ingkang Paduka paringaken dhateng kawula.” (Q.s. Al-Qashash: 24).
Nabi Musa ngendika bilih punapa kemawon kasaenan ingkang sampun dipun paringaken Allah dhateng piyambakipun pinangka perkawis ingkang dipun betahaken. Tembung ingkang dipun ngendikaaken Nabi Musa pinangka panyuwunan ugi raos syukur awit sedaya peparingipun Allah Ta’ala. Malah, wonten ing kawontenan awrat kemawon Nabi Musa saget nedahi raos syukur dhumateng Gusti Allah.
Wonten ing donganipun Nabi Musa nyebataken piyambakipun kanthi faqir wonten ing ngarsanipun Allah. Faqir miturut jumhur ulama minangka kawontenan ingkang langkung ringkih saking kawontenan mlarat. Faqir inggih punika piyantun ingkang mboten nggadahi punapa kemawon wonten ing gesangipun. Piyambakipun estu gumantung wonten ing peparingipun piyantun sanes.
Wonten ing sesambetan kaliyan Gusti Allah, kula lan panjenengan sami inggih punika al-faqir ingkang estu naming gumantung dhumateng welas asihipun Gusti Allah. Pramila, monggo tansah ndonga dhumateng Gusti Allah, nyuwun punapa kemawon dhumateng Allah, ananging, pasrahaken pangestunipun dhateng Allah. Amargi, Allah minangka Dzat Ingkang Maha Mangertosi, Maha Wicaksana, lan Dzat Ingkang ageng welas asihipun.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الآيَاتِ وَالِّذكْرِ الْحَكِيمِ ، وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيم
Khutbah Kaping Kalih
الْحَمْدُ للهِ عَلَى إِحْسَانِه، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِه، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهَ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، تَعْظِيْمًا لِشَأْنِه، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِيْ إِلَى رِضْوَانِه.
صَلَوَاتُ رَبِّي وَسَلَامُهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأعْوَانِه.
أَمَّا بَعْدُ؛
فَيَا عِبَادَ اللهِ، اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوىَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. «يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ»
«إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً»
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ، سَيِّدِ اْلأَوَّلِيْنَ وَاْلأَخِرِيْنَ، وَسَلِّمْ وَرَضِيَ اللهُ تَعَالَى عَنْ كُلِّ صَحَابَةِ رَسُوْلِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَات.
رَبَّنَا لا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّاب.
اَللَّهُمَّ انْصُرْ إِخْوَانَنَا الْـمُسْلِمِيْنَ فِي كُلِّ مَكَانٍ وَزَمَانٍ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْن.
اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ، وَاْلوَبَاءَ، وَالزَّلاَزِلَ، وَاْلمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَا خَاصَّة، وَسَائِرِ بِلاَدِ اْلمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْبَرَصِ وَالْجُنُونِ وَالْجُذَامِ وَمِنْ سَيِّء الْأَسْقَامِ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ.
رَبَنَا آتِنَا في الدُنْياَ حَسَنَةَ وفي الآخِرَةِ حَسَنَةَ وقِنَا عَذَابَ النَّار.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُون، وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِين، وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِين.