Waskitha Ningali Warta Palsu
Oleh: Ust. Mohamad Mufid, M.Pd.I
(Ketua PD IKADI Kota Prabumulih, Sumatera Selatan)
Nyalin Basa: Ust. Ahmad Paryono, S.Pd.I
(PD Ikadi Sleman, DIY)
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَ بِالصِّدْقِ فِي الْكَلَام، وَجَعَلَ الْكَذِبَ مِنْ كَبَائِرِ الْآثَام، لِأَنَّهُ سَبَبٌ لِلْفِرَاقِ وَالْمَصَائِبِ الْعِظَام.
وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَه، كَثِيْرُ الْعَطَايَا وَالْإِنْعَام، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه، رَفِيْعَ الْمَنْزِلَةِ وَعَالِي الْمَقَام.
صَلَّى اللهُ وَسَلَّمَ وَبَارَكَ عَلَيْه، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ اْلقِيَامِ وَالصِّيَام، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمٍ الزِّحَام.
أَمَّا بَعْدُ؛
فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِالتَقْوَى، فَهِيَ الزَّادُ فِي الدُّنْيَا، وَالنَّجَاةُ فِي الْأُخْرَى، قَالَ اللّٰهُ تَعَالَىٰ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ:
«يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ»
«يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَكُونُوا مَعَ الصَّادِقِينَ»
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Rasulullah sampun nate dados korban pawartos hoax. Salah satunggalung warta hoax utawi fitnah inggih menika ingkang dados korban Siti Aisyah, ummul mukminin, radhiyallahu ‘anha.
Dipunkisahaken wonten perjalanan kondur saking peperangan, rombongan kaum Muslimin kendel wonten satunggaling panggenan celak Kitha Madinah. Wekdal menika Siti Aisyah ingkang dherek Rasulullah perang, nyadari bilih kalungipun sampun pedhot lan ical.
Siti Aisyah ingkang wonten ing lebet haudaj (kados tenda alit ingkang wonten geger unta ) age age wangsul wonten.ing tenda madosi kalung. Sewekdal menika ugi tiyang-tiyang mbeta tandhu Siti Aisyah mboten mangertos menawi dereng wonten tiyangipun.
Siti Aisyah madosi kalung kasebat, nanging mboten angsal, lajeng wangsul dhateng tenda malah kaget keranten rombongan sampun budhal malih.
Rikala semanten, wonten Shafwan bin Mu’aththal, salah satunggaling pasukan ingkang tugasipun ing barisan wingking pirsa garwa Nabi ketinggalan. Lajeng Shafwan nyuwun supados ummul mukminin nitih unta lan shafwan mlampah sinambi nuntun unta.
Sak sampunipun ragi dangu, akhiripun Shafwan saget nyusul rombongan kaum muslimin ingkang nembe istirahat. Sumerep kerawuhan Ummul Mukminin kaliyan Shafwan, mila para tetiyang ingkang nembe istirahat menika sami bingung lajeng sami cubriyo.
Prastawa mekaten menika malah dipun ginakaken dening setunggal tokoh munafik, inggih menika Abdullah bin Ubay bin Salul kangge fitnah lan nuduh Siti Aisyah lan Shafwan sampun selingkuh. Fitnah kasebat cepet sanget sumebaripun ing masyarakat Madinah sahingga nimbulaken kegoncangan utawi gejolak kaum Muslimin.
Tuduhan keji kasebat sampun ngiris-iris manahipun garwa Nabi ‘Aisyah. Saking tuduhan menika ngejar ‘Aisyah ugi sedaya keluarga Nabi Saw. Lan keluarga Abu Bakar Ash-Shiddiq anglampahi dinten Dinten ingkang sanget awrat lan nyesekaken dhadha. Napa malih kondisi mekaten menika dumugi setunggal wulan, mboten wonten wahyu tumurun.
Saksampunipun setunggal wulan lamanipun, wusananipun Allah maringaken kabar ngremenaken dhateng Rasulullah Muhammad babagan kesucian Ummul Mukminin, ‘Aisyah binti Abu Bakar Ash-Shiddiq. Kanthi warta gumbira kasebat Allah mbikak tabir sinten tiyang ingkang iman sak lan sinten ingkang munafik.
Jawaban babagan fitnah kasebat, Allah terangaken wonten surat An-nur ayat 11 dumugi lengkap 10 ayat. Saksampunipun ayat menika tumurun kahananipun kaum muslimin saya normal.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Prastawa ing nginggil, maringi petedah dhumateng kita sedaya bilih warta hoax mboten perkawis enggal. Sekawan welas abad kepengker sampun wonten.
Istilah hoax asalipun saking basa Inggris ingkang artosipun apus-apus, ngapusi, warta ngapusi, palsu lan kabar ngayawara. Hoax inggih saget dipun artosaken mboten leresipun kabar.
Wonten ing agama Islam, hoax saget dipun sebat wartos dora utawi fitnah. Goyang ingkang damel, nyebaraken lan ingkang paring dana sami sami angsal dosa ageng. Menawi kabar hoax ingkang sumebar viral kanyata wonten unsur fitnah, mila sami mawon ndherek nyebaraken fitnah.
Rasulullah wonten kathah hadis sampun njelasaken dhumateng ummat bilih nglampahi fitnah inggih menika ing antaranipun dosa ageng ingkang kedah dipun tebihi. Ingkang antawisipun
«بَايِعُونِي عَلَى أَنْ لاَ تُشْرِكُوا بِاللَّهِ شَيْئًا، وَلاَ تَسْرِقُوا، وَلاَ تَزْنُوا، وَلاَ تَقْتُلُوا أَوْلاَدَكُمْ وَلاَ تَأْتُوا بِبُهْتَانٍ تَفْتَرُونَهُ بَيْنَ أَيْدِيكُمْ وَأَرْجُلِكُمْ…»
“Padha janjia karo aku supaya ora padha nyekuthukake Allah karo sakwiji makhluk, aja nyolong, aja zina, aja mateni wong lan aja mitnah sing tok emohi ing antarane sikil lan tangan kowe kabeh …” (H.r. Al-Bukhari)
wonten hadis menika Rasulullah Saw. Ngendika bilih tumindak fitnah dipun sejajaraken kaliyan dosa dosa ageng kadosta syirik, zina, colong jupuk lan materi tiyang. Menika nedahaken dosa agenge fitnah
Wonten hadis sanes , Rasulullah ugi ngendika :
«إِنَّ مِنْ أَعْظَمِ الفِرَى أَنْ يَدَّعِيَ الرَّجُلُ إِلَى غَيْرِ أَبِيهِ، أَوْ يُرِيَ عَيْنَهُ مَا لَمْ تَرَ، أَوْ يَقُولُ عَلَى رَسُولِ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مَا لَمْ يَقُلْ»
“Sak temene ing antarane ngapusi sing paling gedhe yaiku ngurutke keturunan nanging ora saka bapaknya, ngaku weruh nanging nyatane ora, utawa nisbatke ucapane Rosul sing ora nate dingendikakake. ” (H.r. Al-Bukhari)
Saestu fitnah menika dampakipun awon kangge piyambake lan goyang sanes. Amargi saget nimbulaken dampak ingkang ageng kangge pribadi tuwin lembaga. Saget ugi nimbulaken krisis kapitadosan dan perpecahan wonten ing masyarakat.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Saking kisah kabar dora lan fitnah ingkang dipun tujukaken dhumateng Siti Aisyah wau saget dipun pendhet 2 hikmah :
Sepisan, kita dados ingkang ngginakaken medsos kita kedah cerdhas..waskitha ampun ngantos gampil nampi informasi utawi kabar warta ingkang dereng tamtu dipun jamin1 kaleresanipun.
Kita kedah saget nyaring informasi sak derengipun kita1 mbagekaken dhumateng tiyang sanes. Islam ndhawuhaken dhumateng kita sedaya supados cerdas nampi pawartos kaliyan cara tabayun utawi nangletaken warta sejatosipun..
Allah swt ngendika wonten surat al Hujurat ayat 6.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنْ جَاءَكُمْ فَاسِقٌ بِنَبَإٍ فَتَبَيَّنُوا أَنْ تُصِيبُوا قَوْمًا بِجَهَالَةٍ فَتُصْبِحُوا عَلَى مَا فَعَلْتُمْ نَادِمِينَ
“Hai wong-wong sing iman, yen ana wong fasik teka marang sira karo nggawa warta penting, mangka tabayun na (telitinen) ,supaya aja nganti sira mbahayani sejene golongan awit saka bodhone sira, terus akhire sira getun marga lakune sira dhewe. ”. (al-Hujurat: 6).
Kaping Kalih, ngatos- atos kaliyan kaum munafik ingkang mesthi nyebaraken fitnah lan kesengitan.
Wujudipun tiyang munafik kados Abdulah bin Ubay bin Salul, saking awit Rasulullah dumugi sakniki badhe terus wonten hoax utawi fitnah kanthi cara enggal. Mila saking menika kita kedah langkung ngatos-atos lan waspada.
Saben saben musim, mesthi wonten tiyang ingkang munafik lan demen ngapusi. Piyambakipun rila nglampahi napa kemawon kangge nggayuh untung donya kemawon. Malah ugi saget adol agami lan kapitadosanipun badhe pun lampahi.. Piyambakipun mboten peduli dampakipun. Menawi ngantos perang warga masyarakat piyambakipun dukung menawi mangke nguntungaken golinganipun
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Makaten khutbah menika kawula aturaken.Mugi-mugi kita sedaya kalis saking warta hias, palsu, fitnah khususipun fitnah akhir zaman. Aamin Yaa Rabbal’alamiin.
KHUTBAH KAPING KALIH
اَلْحَمْدُ لله عَلَى إِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِه، وَأَشهَدُ أَن لا إِلَهَ إِلا اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِه، وأَشهدُ أنَّ نَبِيَّنَا مُحمَّدًا عَبدُهُ وَرَسُولُهُ
اَلدَّاعِي إِلى رِضْوَانِه.
أَمَّا بَعْد؛
فَيَا عَبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلاَ تَـمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُون.
ثُمَّ صَلُّوا وَسَلِّمُوا عَلَى الْهَادِي الْبَشِيْر، وَالسِّرَاجِ الْمُنِيْر، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَاحِبِ الْفَضْلِ الْكَبِيْر. فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ: «إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا»
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَماَ صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْد، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْن، أَبِيْ بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيّ، وَعَنِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعَيْن، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِمَنـِّكَ وَكَرِمِكَ يَا أَكْرَمَ الْأَكْرَمِيْن .
اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ، الأَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَات، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ
اللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإسَلَامَ وَالْمُسْلِمِيْن وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْن
اللَّهُمَّ آمِنَّا فِي أَوْطَانِنَا ، وَأَصْلِحْ أَئِمَّتَنَا وَوُلاَةَ أُمُورِنَا
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. والْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، أَقِيْمُوا الصَّلَاة…