fbpx

IkadiDIY.com

Naskah Khutbah Jumat 29 Oktober 2021 Edisi 277, Ikadi DIY, Versi Bahasa Jawa: NDEREK KEBENERAN LAN NEBIHI KEBATILAN

NDEREK KEBENERAN LAN NEBIHI KEBATILAN

Oleh: Ust. Arfiansyah Harahap, Lc., M.Pd.I
(Bidang Pendidikan, PW Ikadi DIY)

Oleh: Ust. Yoyon Paryono, S.Pd
(PD Ikadi Sleman, DIY)

 

Download PDF Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:

 

Download MS Word Materi Khutbah Jumat Ikadi klik dibawah ini:

 

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي أَمَرَ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَان، وَحَرَّمَ الظُّلْمَ وَالْعُدْوَان، وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَرَّمَ الظُّلْمَ عَلَى نَفْسِه، وَجَعَلَهُ بَيْنَ الْعِبَادِ مُحَرَّمًا، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَه، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا وَقُرَّةَ أَعْيُنِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه، أَنْقَذَ الْأُمَّةَ مِنَ الضَّلَال، وَهَدَى إِلَى أَشْرَفِ الْخِصَال، وَأَمَرَ بِالْعَدْل، وَحَذَّرَ مِنَ الظُّلْمِ فِي الْأَقْوَالِ وَالْأَفْعَال، صَلَوَاتُ رَبِّي وَسَلَامُهُ عَلَيْه، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْغُرِّ الْمَيَامِيْن، وَمَن تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن.

أَمَّا بَعْدُ:

فَاتَّقُوا اللهَ أَيُّهَا النَّاس، فَإِنَّهَا خَيْرُ الْوَصَايَا فِي كُلِّ وَقْتٍ وَحَالٍ: “اتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ”، وَلَيْسَ هُنَاكَ شَيْءٌ أَفْضَلُ مِنْ الْوَصِيَّةِ بِهَا. إِنَّ تَقْوَى اللَّهِ تُورِثُ الْمَرْءَ فِي الدُّنْيَا انْشِرَاحًا وَانْبِسَاطًا، وَفِي الْآخِرَةِ فَوْزًا وَفَلاَحًا ﴿ وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا * وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ﴾

 

 Hadirin rahimakumullah,

Bab dora ingkang ing akhir-akhir menika kathah kedadosan, inggih ingkang molak-malikipun kaleresan, leres dados lepat, lepat dados kaleresaken. Kalepatan ingkang dipun lampahi dening para pamangku kekiatan politik dianggep biasa utawi umum lan layak dipun selametaken, ananging sakwangsulipun kalepatan ingkang dipun lampahi piyantun ingkang mboten gadhah panguwasa langsung dipun adili. Kalebet perkawis menika usaha kangge ngaburaken sejarah ingkang dipun lampahi tiyang ingkang mboten remen NKRI dados negari ingkang adhedhasar Pancasila lan UUD 1945.

Babagan menika dados pengaruh ingkang negatif dhumateng sebagian tiyang iman ingkang penggalihipun taksih menggalih bandha donya, jabatan, sarta popularitas. Langkung saking menika saget adamel sebagian tiyang ngijolaken ingkang hak/leres kaliyan ingkang batil/mboten leres lan nggadheaken iman kaliyan donya. Saget wonten saweneh tiyang ingkang ngganti agamipun kanthi nyata, terang terwaca malah ugi dipun siaraken ing media massa.

 

Hadirin rahimakumullah,

Kawontenan menika ingkang dipun sebat para sarjana Post-Truth (sak sampunipun kaleresan), inggih menika wekdal ing pungkasan dasa warsa kalih, abad 21. Donya nglebeti konsep filosofi lan politik ingkang metarat Sean Illing filosofi Amerika Serikat (2018) ingkang artosipun “Sirnanipun standar obyektif secara umum kagem  kebenaran”. Mboten cetha malih, pundi ingkang leres lan pundi ingkang salah.

Tebih sakderengipun, rumiyin sampun dipun raosaken para sahabat, wekdal saperangan pawongan nembe mlebet Islam sak sampunipun Rasul SAW seda, piyambakipun ingkang mboten mangertosi langsung kados pundi para sahabat ingkang berjuang wiwit awal sesarengan Rasulullah ngagem bandha lan jiwanipun, ngaku bilih derajatipun iman sami kaliyan ingkang mlebet Islam awalan. Nanging Allah sampun ngendika,

وَمَا لَكُمْ أَلَّا تُنْفِقُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَلِلَّهِ مِيرَاثُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ لَا يَسْتَوِي مِنْكُمْ مَنْ أَنْفَقَ مِنْ قَبْلِ الْفَتْحِ وَقَاتَلَ أُولَئِكَ أَعْظَمُ دَرَجَةً مِنَ الَّذِينَ أَنْفَقُوا مِنْ بَعْدُ وَقَاتَلُوا وَكُلًّا وَعَدَ اللَّهُ الْحُسْنَى وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ

”Lan kenapa kowe ora nafkahake sebagian bandhamu, ing dalane Gusti Allah, kamangka Allah sing duweni langit lan bumi? Benten antawisipun tiyang ingkang infak lan perang sakderengipun Fathul Mekkah. Piyambakipun langkung inggil derajatipun. Allah paring janji dhumateng piyambakipun walesan ingkang langkung sae. Lan Allah  Maha Pirsa apa sing sira lakoni.” (Q.s. Al-Hadid: 10)

Tiyang-tiyang ingkang mboten paham perjuangan para sahabat angremehaken lan ngucapaken tembung-tembung ingkang nglanggar kemulyaan shahabat.  Sahingga akhiripun mboten sae; ingkang leres dados salah, ingkang lepat malah dipun leresaken, inggih masalah Negari lan ugi masalah agama. Kadadosan kaperjayanipun Khalifah Utsman bin ‘Affan Radhiyallahu ‘anhu dados  bukti nyata perkawis menika.

Sak lebetipun nanggepi perkawis menika, saenipun kita nyuwun dhumateng Allah kanthi donga ma’tsur ingkang dipun riwayataken saking sahabat Umar bin Khattab lan dipun sebat dening al-Bahuti al-Hanbali wonten ing kitabipun Syarh Muntaha al-Iradat jilid 3 kaca 497. Donganipun,

اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا، وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلاً، وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.

“Dhuh Gusti Allah, Panjenengan  ketingalaken dhumateng kawula keleresan menika leres lan paringana kekuatan kangge ngelampahi, lan ketingalaken kebatilan menika lepat lan paringana kekuatan kawula kangge nebihi.”

Wonteni ugi serat wutuh saking donga menika kaemot wonten ing Tafsir Ibnu Katsir jilid 1 kaca. 144,

اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا، وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلاً، وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ

وَلَا تَجْعلْهُ مُلْتًبِساً عَلَيْنَا فَنَضِلُّ، وَاجْعَلْنَا لِلْمُتّقِيْنَ إِِمَامًا

”Dhuh  Allah, ketingalaken dhumateng kawula kaleresan inggih leres Estu lan paringana kawula kekiyatan kangge ngelampahi. Lan ketingalaken kebatilan dados kebatilan  estu lan paringana kawula kekiyatan kangge nebihi. Lan ampun ngantos keawonan menika kados keleresan sahingga kawula kesasar amargi menika. Dadosna kawula teladan kangge tiyang- tiyang ingkang taqwa.”

Donga menika kathah maknanipun saha kathah manfaatipun. Maknanipun inggih menika bilih kita nyuwun dhumateng Allah supados dipun paringi Taufik/bimbingan kangge ngenal kaleresan lan pamanggih ingkang leres wonten ing Sedaya perkawis ingkang dipun masalahaken tiyang kathah. Lan perkawis ingkang enggal/anyar ing masyarakat.  Penyair Arab ngendika,

عَرَفْتُ الشَّــرَّ لَا       لِلشَّـرِّ لَكـِنْ لِتَوَقِّيْهِ

وَمَنْ لَمْ يَعْرِفِ الشَّرَّ    مِنَ النَّاسِ يَقَـعْ فِيْهِ

Aku kenal keawonan ora kanggo tak praktekno nanging kangga njaga awake dhewe
saka awon kuwi. Sapa wae ora kenal marang keawonan mangka dheweke
arep kejeblos nang njerone .

Hadirin rahimakumullah,

Allah sampun Dhawuh dhumateng kita sedaya kangge nyuwun hidayah kangge mlampah ing margi ingkang leres. Wonten ing saben salat ingkang kita tindakaken kita matur  ”Ihdinash Shiratal Mustaqim.”

Wonten ing satunggaling  hadis riwayat Imam Muslim, wonten salah satunggal doa iftitah salat ndalu, Nabi ugi donga ing artosipun: “Dhuh Allah, Rabb kangge Jibril, Mikail lan Israfil, pencipta langit lan bumi, ingkang pirsa bab ghaib lan dhohir , Panjenengan ingkang netepaken keputusan ing antawisipun para kawula wonten ing mapinten pinten bab ingkang pun selisih, paringana pitedah kangge mangertosi kaleresan ing dalem bab bab ingkang samar kelawan Odin Panjenengan. Sak Estu Panjenengan ingkang paring pitedah kaliyan sinten kemawon ing Panjenengan kersak aken kangge margi ingkang leres.. “. (H.r. Muslim No. 770)

Wonten satunggaling Hadits Qudsi, saking Abu Dzar, Rasulullah ngendika, Allah berfirman:

يَا عِبَادِيْ كُلُّكُمْ ضَالٌّ إِلَّا مَنْ هَدَيْتَهُ فَاسْتَهْدُوْنِيْ أَهْدِكُمْ…

”Hai  hamba hambaku kowe kabeh sasar kejaba sing Ingsun wenehi pituduh, mangka padha njaluka hidayah Karo Aku, mesthi Aku arep menehi hidayah Karo sliramu.(H.r. Muslim No. 2577)

Hadirin rahimakumullah,

Sumangga kita ajegaken maos donga menika saben dinten lan dawamaken. Ingkang supados kinabulan donga kita. Saenipun kita ugi usaha ngamalaken wonten ing gesang kita. Mangga manunggal sesarengan  Ahlul Haqq lan nebihi saking Ahlul Bathil. Mangga berjuang supados jejegipun kaleresan, sanes malah mbela kemungkaran. Dadosa bagian saking Hizbullah, sanes dados bagian saking  Hizbusy Syaithan.

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اصْبِرُوا وَصَابِرُوا وَرَابِطُوا وَاتَّقُوا اللَّهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ

”Hai wong kang ngiman, sabaro kowe lan kuatno kesabaranmu lan tetepo siap (ing perbatasan negaramu) lan takwao maring Gusti Allah, supaya kowe untung.”
(Q.s. Ali Imran: 200)

 

ثَبَّتَنِيَ اللهُ وَإِيَّاكُمْ عَلَى الْحَقِّ وَالْهُدَى حَتَّى نَلْقَاه. أَقُوْلُ مَا تَسْمَعُوْن، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ وَخَطِيْئَةٍ، فَاسْتَغْفِرُوْه، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم.

 

Khutbah Kaping Kalih

 

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ.

أَشْهَدُ أنْ لاَ إِلَهَ إلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَه، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُه.

اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَيْه، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْغُرِّ أَجْمَعِيْن.

أَمَّا بَعْد؛

((يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ)).

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْن، حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّناَ لَكَ الْحَمْدُ وَلَكَ الشُّكْرُ كَمَا يَنْبَغِى لِجَلاَلِ وَجْهِكَ وَعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ.

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ، سَيِّدِ اْلأَوَّلِيْنَ وَاْلأَخِرِيْنَ، وَسَلِّمْ وَرَضِيَ اللهُ تَعَالَى عَنْ كُلِّ صَحَابَةِ رَسُوْلِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ.

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ، فَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ.

اَللّٰهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُسْرِكِيْنَ، وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِيْن.

اللّٰهُمّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا، وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلاً، وارْزُقْنا اجْتِنَابَهُ، وَلَا تَجْعَلْهُ مُلْتًبِسًا عَلَيْنَا فَنَضِلّ، وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ إِمَامًا.

رَبَّنَا اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِناً وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَنْ نَعْبُدَ الأَصْنام

رَبِّ اجْعَلْ هَذَا بَلَداً ءَامِناً وَارْزُقْ أَهْلَهُ مِنَ الثَّمَرَاتِ مَنْ ءَامَنَ مِنْهُمْ بِاللهِ وَاليَوْمِ الآخِرِ

رَبَّنا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيعُ العَلِيْم.

رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ.

أَقِيْمُوا الصَّلاَة

Tinggalkan Komentar